Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 8: Balapan Karo Keong

12 Mei 2010   14:16 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:15 1345
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Nalika si Kancil pinuju mlaku ing sapinggiring alas, nurut kalen kang banyune bening, kancil nyepadakake lakune keong gondhang sing klemar-klemer alon banget. Meruhi lakune keong gondhang mau, si kancil celathu semu ngenyek. "Eeee.................keong, kowe kuwi kajat mlaku apa ora? Dadi makhluq koq kaya wegah urip. Mlaku klemar-klemer kawit mau ora alihan panggonan. Mbok ya sing sigrak, rikat, cukat trengginas obahmu kuwi, keong........."

Keong kang diece dening kancil semaur sareh. "Weh weh weh..... iki ana kancil koq dhemen timen umuk. Seneng ngasorake liyan, sajak kaya paling digdaya ana ngalam donya iki"

"Hahahahahahaha....................... lha rak omonganku iki cocog karo kahananmu ta keong? Dak tamatake wiwit mau, nganti aku ngantuk, anggonmu mlaku ora genep sejangkahku" sambunge kancil sansaya mundhak umuke.

"Dadi kewan ki mbok ya aja kakehan umuk, Cil. Nyawang liyan ki aja mung saka sing katon neng mata. Durung mesthi penemumu kuwi bener" si keong menehi pitutur maranag kancil.

Dituturi dening keong si kancil malah ngatonake songare. "Huwalllaaah.................. keong, keong. Apa pancen kowe bisa mlaku luwih cepet. Wis genah wiwit mau prasasat ora alihan panggonan olehmu mlaku ngono koq diunekake klemar-klemer malah ewo"

"Kabeh omonganmu mbok menawa ana benere yen digathukake karo kahanan wektu iki. Mlaku alon utawa banter kuwi dilarasake karo keperluane, Cil. Yen lagi kepingin nglaras karo ngrasakake nikmate ciptane Pangeran, ya mlaku alon sak alon-alone. Nanging yen butuh cepet selak ngoyak butuh, ya dibanterake lakune" Keong emoh kalah penemu.

Kancil mesem kecut sajak nyepelekake omongane keong. "Lha apa omonganmu kuwi ana buktine, keong? Apa bener kowe bisa mlaku banter?????"

"Yen dina iki, aku lagi emoh mlaku banter. Jalaran aku lagi namatake endahing kahanan peparinge Pangeran. Nanging yen liya wektu, during mesthi kowe bisa ngalahake playuku, Cil" si keong ngungkuli umuk.

"Weh..weh weh................... Keong......... keong. Apa jagad wis arep kiamat yen kancil kalah balapan karo keong. Kamangka wis kondhang kaloka menawa kancil iki jago mlayu. Prasasat ora ana makhluq ing ngalam donya iki sing bisa mlayu luwih cepet menang balapan karo kancil. Macan, singo, menjangan, jaran................. lan kewan apa maneh sing jareplayune banter, nganti dina iki ora ana sing bisa ngalahake playune kancil. " Si kancil kebrongot atine, mula sansaya tambah umuk.

"Ooooooo ngono ta, Cil. Kowe pancen kondhang banter playumu. Kowe mesthi menang balapan karo sapa wae yen anggone balapan padha-padha ana ing dharatan. Nanging sajake kowe durung nate balapan karo mungsuh sing mlayune ana jeroning banyu." Si keong tuwuh niyate kanggo miring-mirangake kancil.

"Hahahahahahahahahahahahaha....................... sajake kowe arep nantang aku balapan, keong. Ayo dibuktekake, aku dak mlayu ing sadhuwure tanggul nurut sadawane kalen iki. Ewodene kowe mlayu ana sajeroning banyu ing kalen iki." Sambunge kancil sawuse gumuyu dawa.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun