Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 2: Slendhange Kanjeng Nabi Sulaiman

24 April 2010   06:57 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:36 169
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Sawuse ucul saka kurungane Pak Tani, sipat kuping anggone lumayu ngedohi omahe Pak Tani.  Bareng wis adoh, si Kancil nyuda palyune, lumaku karo ngulur napase sing meh pedhot. Kejaba merga anggone lumayu, uga merga rasa wedine yen nganti kecekel maneh dening Pak Tani. "Kelakon dadi dhendheng, utawa abon, yen nganti ora bisa ngapusi si Kapri" ngono unine batine Kancil.

Sinambi lumaku alon, Kancil ngenam-nam pikire, kudu menyang ngendi anggone lumaku. Nedheng lumaku karo ngalamun, tratapan atine Kancil jalaran ing dalan nsangarepe ana barang kang katon nglumbruk, bunder, warnane kaya jarik bathik.  Barang mau ngebaki dalan kang arep diliwati kancil. Ditamatake kanthi setiti, kataon menawa barang mau ula sawa kembang kang gedhe banget. Arep dilumpati, samar yen ulane tangi banjur nyaplok si Kancil. Arep nyimpang, dalane rumpil. Yen arep bali, samar ketututan Pak Tani, utawa si kapri kang wus kasil diapusi. Mula si Kancil mandheg, mikir kudu kepriye ngadhepi kahanan kuwi.

"Kecekel saiki. Kowe arep mlyau menyang ngendi, Cil?" mengkono bengoke Kapri karo nubruk awake Kancil saka buri. 'Ora nyono, jebul omongamu kabeh goroh. Kowe ora adipek mantu karo Pak Tani, nanging arep dibelih kanggo lawuh. Mula ayo saiki kowe bali dak sowanake Pak Tani, supaya aku oleh bebungah pangan luwih enak tur akeh"

"Sssst....... aja bengak-bengok. Ngertiya, suwaramu ki elek banget, mengko mundhak aku didukani yen nganti barang sing dak tunggu iki rusak merga suwaramu", ngono semaure Kancil karo aweh sasmita supaya Kapri ora kakehan polah.

"Ora, Cil. Awakmu ki oleh dhawuh saka sapa, kanggo nunggu apa?, si Kapri pitakon kepengin ngerti.

"Ngene lho, Pri. Sauculku saka omahe Pak Tani mau aku kepethuk Kanjeng Nabi Sulaiman. Aku didukani merga wis ngrusak tandurane Pak Tani, lan ngapusi awakmu. Mula kanggo nebus dosa lan luputku mau, aku didhawuhi ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman", ngono apus kramane Kancil.

"Ah....... tenane Cil???........ Lha, terus saiki Kanjeng Nabi Sulaiman ana ngendi?" Katon yen apus kramane Kancil wis ngena marang kapri.

"Kanjeng Nabi Sulaiman nembe siram ana kedhung sangisore wit nogosari. Mula saka iku aku didhawuhi supaya ana kene njaga slendhang bathik kagungane Kanjeng Nabi. Aku diwanti-wanti, sapa wae ora kena nyenggol slendhang bathik mau. Apa maneh nganti nganggo slendhang kuwi. Tohe guluku yen nganti dhawuh mau dak lirwakake" sambunge Kancil.

"Slendhang bathik?????. Endi, Cil? Mbok aku diwenehi weruh", panguwuhe Kapri memelas kepeingin ngerti.

"Prayogane aja, Pri.  Aku was sumelang, yen wis ngerti kowe mesthi banjur kepingin nganggo slendhang mau. Rak ya aku cilaka mengkone, Pri."

'Wis ta, Cil. Aku janji", asu mau ngoyak penjaluke marang Kancil.

"Yen wis janji, awakmu weruh ana ngisore wit sukun ngarep kuwi? Ya, kuwi slendhange bathik Kanjeng Nabi Sulaiman. Kepriye, apik tenan, ta Pri????"

"Wah, iya Cil. Saeba senenge atiku yen bisa nggawa slendhang kuwi bali, dak aturake marang Pak Tani. Bisa dienggo garwane Pak tani menawa jagong" celathune Kapri, si asu.

"Wah...... aja Pri. Apa kowe seneng yen nganti guluku pedhot kena pedhange Kanjeng Nabi Sulaiman?" Kancil ngomong api-api keweden.

"Pokoke aku meksa. Oleh ya dak ora oleh ya tetep dak gawa. Yen kowe ngalang-alangi, rawe-rawe rantas, malang-malag dak putung. Kowe arep apa, Cil?? ngono ancamane Kapri si asu.

"Kepriye ya, Pri. Aku wedi didukani"

"Watone awakmu enggal lunga ora usah ndherek Kanjeng Nabi Sulaiman, rak beresta Cil"

"Ya..... wis. yen ngono karepmu aku ora bisa ngalang-alangi. Mung wae, sadurunge kowe njupuk slendhang kuwi, supaya yen kaweruhan Kanjeng nabi Sulaiman sing kena duka awakmu thok, aku tak lunga dhisik. Mengko yen aku wis tekan sangosore wit aren kulon kahe. nembe slendhang kuwi jupuken. Wis ya, Pri. Sowang-sowang, muga-muga oleh slamet" ngucap ngono Kancil agahan lumaku mengulon. Atine Kancil gumuyu, merga bisa ngapusi si kapri maneh. "Rasakna, ngono kuwi entukane wong bodho ning serakah", batine Kancil.

Salungane kancil, si Kapri nyedhaki barang sing jarene slendhang bathike Kanjeng Nabi Sulaiman mau. Ditamatake, bathikane pancen apik banget, katon yen regane larang. Sumurup kancil wis tekan sangisore wit aren, agahan si kapri grayah-grayah arep njupuk barang mau. Mesthi wae ula sawa gedhe sing maune turu iku kaget lan tangi saka turune. Weruh ana asu ing sangarep irunge, cepet thathit si ula mau nyahut awake si Kapri, diukel, lan sabanjure diuntal wutuhan.

kancil kang weruh kedadeyan mau ora tegel, mula enggal-enggal lumayu. Kejaba ora tegel, atine samar yen nganti ula mau durung wareg banjur ngoyak si Kancil. Mula saka iku, nganti adoh, si Kancil nembe nglempreh anggone lumayu jalaran wis kesel.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun