"Apa tenan omonganmu, Cil? Aja-aja kowe mung arep ngapusi aku maneh?", si kethek sing pancen ora srantanan yen ngerti pangan wiwit kena tembung manise Kancil.
"Yen ora percaya, ya wis. Pancen aku iki kondhang pinter ngapusi, Thek. Yen kowe sumelang dak apusi, ya.... kana enggal lunga, aja ganggu gawe anggonku nindakake dhawuhe Kanjeng Nabi Soleman." Si kancil sing dipaido sajak kecenthok atine.
"Ana ngendi jenange kuwi, Cil? Mbok aku tak ngicipi sethithik wae. Oleh to Cil??" si kethek ngangseg penjaluke.
"Weeeeh. lha mengko aku didukani no, Thek.Apa kowe wani nanggung yen ana sarusikune?"
"Yen weteng ngelih, apa wae alangane bakal didhadhagi. Wis mengko aku sing tanggung yen didukani."
"Ya, wis. Kae lho ana cedhak blumbang, rupane ireng. nanging supaya kowe mengko ora kuwalat merga wani mangan dhaharane Nabi Soleman, ana syarate".
"Syarate apa, Cil" Kethek sing wis kemecer idune, selak kepingin ngicipi jenange nabi Soleman iku ngoyak.
"Syarate anggonmu mlaku saka kene nganti tekan panggonan jenang kuwi kanthi merem, lan irungmu dibunteti. Yen sikilmu utawa tanganmu sing mbok nggo grayah-grayah mlaku wis nyenggol jenang kuwi, anggonmu mangan ora kena nyuwil. Nanging kudu ngiras nganggo lambe lan untumu, kanthi cara dikokop" Kancil nerangake sajak wigati.
"Lha menkone apa aku ora nabrak-nabrak, Cil.?"
"Ngene. Awakmu saka kene madhep lempeng menyang jenang kuwi. Sawise merem, rada ndhodhok lumaku sinambi grayah-grayah nganggo tangan tengen, dene tangan kiwa mbithet irung" Kancil menehi cara marang kethek.
"Wooo, yaah. Dak wiwiti saiki, ya Cil." Ngomong ngono karo agahan kethek mlaku dhohok karo merem lan mbithet irung. Weruh kuwi, Kancil kanthi sesidheman lumaku ngadoh lan banjur mlayu sipat kuping mlebu tengahing alas.