Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Dongenge Simbok 1: Kancil Nyolong Timun

23 April 2010   13:37 Diperbarui: 26 Juni 2015   16:37 514
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Sawijining dina, rikalane Pak tani menyang sawah niliki tandurane, banget kaget atine merga tandurane akeh kang rusak. Wit pohong padha ambruk, kacang prol sing durung tuwa mosak-masik, apa maneh tanduran tikang nedheng awoh ndadi, ora karuwan. Pak tani ngubengi kabeh tandurane karo ngudarasa, "Gek sapa sing salah gawe ngrusak tanduranku iki. Yen menungsa katone dudu, nangin yen kewan kewan apa?" Sinambi ngaso ana gubug, Pak tani ngenam-nam pikir, kepriye carane nyekel pawongan utawa kewan kang wus ngrusak tetandurane.

Ana ngomahe, Pak Tani gawe pepethan wong-wongan kaya dene memedi sawah kang dienggo ngusah manuk. Nanging rada beda karo memedi sawah kang mung saka damen ditaleni lan diwenehi kudhung caping, wong-wongan mau digawe memper banget karo kawujudane manungsa. Ing sarandune pawawong-wongan kang madeg malang kerik iku diwenehi pulut dicampur aspal kang banget krakete yen didemok. Sore iku uga wong-wongan mau dipasang ana sawah sacedhae tanduran timun. "Muga-muga wong-wongan iki mengko ana pigunane", mengkono batine Pak Tani.

Bengi iku kancil kang wetenge krasa luwe kepingin mbaleni golek timun ana sawahe Pak Tani kaya wengi sadurunge. Tekan sawah kang ana tandurane timun, kancil nuli mangan sawarege wetenge. Bareng kancil ndengengek, atine kancil kaget setengah mati. "Wah konangan aku", mengkono batine kancil. Ewo semono, kancil ora wedi keplayu. Kancil mbatin, "yen pancen iki Pak tani, mesthine aku wis dicekel, ora mung meneng wae. Iki mesthi mung pepethan, kanggo medeni manuk"

"Eee...... apa dikira aku wedi karo kowe?" Kancil ngucap karo mlaku ngubengi pepethan iku.

"Yen pancen arep nyekel aku, enggal cekelen. Aku ora arep mlayu. Ayo..... enggal aku cekelen"  Kancil kang mlakune rada mepet pepethan, kupinge nyenggol tangane pepethan, wulune nempel ing pulut.

"We lha, ........ wani njewer kupingku. Diuculake apa ora?" , muni mengkono karo ngipat-ngipatake endhase supaya kupinge ucul saka pepethan mau.

"Eee........, ngeyel. Dak jotos lho" , ngucap ngono karo sikile ngarep tengen diantemake menyang pepethan, pas ngenani pundhake pepethan. Mesthi wae sikile kancil kraket ana pundhake pepethan mau.

"Lho..... malah sikilku dicekel. Yen ora diuculake dak antem maneh lho" ngomong ngono karo singarep tengen diantemake ngenani pundhak pepethan. Mula loro-lorone sikile kancil sing ngarep kraket ing pundhak pepethan.

"Apa njaluk dak dhupak nanggo sikil loro pisan?" Gabrus, sikil buri loro bareng diantemake ngenani tangane pepethan kang malangkerik. Dadine kancil gumandhul ing pepethan, kraket ora bisa uwal. Ngrumangsani klerune, kancil mbrebes mili luhe, nangis sesenggukan, sewengi gumandhul ora bisa turu.

Esuke pak tani kang niliki sawahe nemoni, ana kancil kang gumandhul ing pepethan. "Ooooo, jebul iki malinge. Mula tanduranku rusak ora karuwan. Kebenaran ana ngomah wis kentekan daging kanggo lawuh." Ucape pak Tani iku dirungokake dening kancil. Mula atine kancil dadi miris banget. Entek pengarep-arepe kanggo urip. Sikile kancil diuwali saka pepethan, banjur ditaleni supaya ora bisa mlayu, banjur digawa mulih menyang omah. Tekan ngomah, kancil mau dilebokake kurungan banjur ditindhihi kayu gedhe.Sabanjure pak tani ngasah lading gedhe kang kulina kanggo mbeleh kewan nganti landhep, mingis-mingis. Rampung anggone ngasah lading, pak tani lume ngomah kanggo ngaso sawetara.

Kancil kang ana jero kurungan, mung dheleg-dheleg karo matane mbrebes mili, luhe dleweran rebutan metu. Nalikane kancil lagi nggrantes mikir nasibe kang apes, katon kledhang-kledhang tekane Kapri, asu ingon-ingon kelangenane Pak Tani. Tuwuh pengarep-arep ing atine kancil. Pikirane kancil  muser golek akal supaya bisa uwal saka kurungan iku.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun