Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Layang Tresna

8 Maret 2010   14:56 Diperbarui: 26 Juni 2015   17:32 276
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

"O.... inggih. Matur nuwun, Mas Prastawa" Cekak wangsulane Ina, rada gragapan jalaran ora nyana bakal ngalami kedadeyan mau. Buku mau enggal-enggal disimpen ing sajroning tas sekolahe sadurunge kanca-kancane takon neka-neka. Begjane, ora antara suwe ana angkutan kang mandheg ing sacedhake Ina. Sinambi mlebu kendharaan iku, Ina mesem marang Prastawa, karo matur "mangga Mas Prast, Ina wangsul rumiyin".

Atine Prastawa tratapan, nanging ana rasa tentrem kang rumasuk ing sarandunening awak. Kanggo ngilangi rasa tratapan mau, Prastawa nglakokake pit ontel kang ditumpaki alon tumuju mesjid. Batine ngudarasa, "yen Ina mesem aku ora kuwat nyawang". Ing ngarep masjid, Prastawa nyendhekake pite ana sangisore wit ketepang kang tuwuh nyrekakah ngayomi plataran masjid. Merga during manjing wektu sholat, Prastawa nyedhaki tetanduran kembang ing plataran, nyawang kekembangan mau kebak rasa sengsem.

Ina kang wis nduga apa kersane Prastawa, age-age mbukak buku mau satekane omah lan mlebu sajroning kamar. Diwaspadakake ana layang kang dislempitake ing sela-saning lembaran buku. Maca isining layang, tuwuh rasa aneh ing sajroning atine Ina. Bubar maca layang, keprungu suwara adzan saka langgar cedhak omah. Ora mbuwang wektu, Ina tumuju padasan, njupuk wudlu, nuli nyangking rukuh lan sjadah tumuju langgar. Sarampunge sholat, ora lali anggone nyuwun pituduh saka Pangeran supaya ora kleru anggone aweh wangsulan marang Prastawa.

Ngadhepi lumingsire tahun gumati tahun anyar, atine Prastawa kebak kabungahan. Ina, kenya manis sing dadi memanoning ati nanggapi kekarepane. Senajan Ina ngajokake pirang-pirang syarat, nanging kabeh mau ora dadi reribet tumraping Prastawa. Jalaran kabeh alesan kang dibabarake Ina mau selalras karo keyakinan ka nana ing atine. Makaping-kaping Prastawa ngaturake rasa syukur marang Pangeran, lan ngajab muga-muga kabeh pangangen-angene lumaku kanthi rancag. Nanging senajan akeh reka daya wis tilakoni lan ditaindakake, lelakon lan kedadeyan ing lumahing bumi iki gumantung ana kersaning Pangeran, Allah Subhaanahu Wata'ala.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun