Mohon tunggu...
Sri Subekti Astadi
Sri Subekti Astadi Mohon Tunggu... Administrasi - ibu rumah tangga, senang nulis, baca, dan fiksi

ibu rumah tangga.yang suka baca , nulis dan fiksi facebook : Sri Subekti Astadi https://www.facebook.com/srisubektiwarsan google+ https://plus.google.com/u/0/+SriSubektiAstadi246/posts website http://srisubektiastadi.blogspot.co.id/ https://www.instagram.com/srisubektiastadi/

Selanjutnya

Tutup

Drama Pilihan

Bakul Kojek Anyaran (Drama bahasa Kudusan)

11 Maret 2015   20:35 Diperbarui: 17 Juni 2015   09:47 317
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wis ono pirang-pirang dino iki Sarno ora tau mangkat mbogawe, sajake deweke lagi ono masalah karo gaweane mung Sarno ara tau crito-crito marang bojone Warti. Aben esuk Sarno mung ndekekas-ndekekes ning lincak ngisor wit kluweh ning wetan omahe. Warti    : " Ono opo tah Pak...kok awakem pirang-pirang dino ora mangkat mbogawe...?" pitakone Warti marang bojone. Sarno    :  "orak enek opo-opo ....mung lagi wegah.......ae....mbogawe ... gak bar-bar..." Warti    :  " Wegah kepriye tah Pak......wong mbogawe kok wegah....lah njur piye iki , sediluk neh cah-cah wis meh unggah-unggahan ..loh Pak....butuh duit akeh...nek jur awakmu wegah.....trus kepiye iki...." Sarno   :  "Walaaah..bune.....mbok ben....kan yo Jokowi wis janji arep wek'i Kartu Indonesia Pinter......ben wae cah-cah sekolahe gratis......wis rasah dipikir.." Warti    :  " O....alah...pak-ne pak ne......gek pepriye tah.......njuk sekolah ..kuwi ora mung butuh mbayar SPP -ne tok sing gratis.....tapi yo butuh tuku buku, sragam, sepatu, guik.....lan sak panunggalane..." Sarno   :  " Kowe  durung reti yo.....bune...yen Kartu Indonesia Pinter iku orak mung nggratiske SPP tapi yo karo menehi duit buku, seragam, sepatu, guik... lan sapanunggalane...." Warti   :   " Tus...awake dewe ki yo ora butuh mangan......berasku wis entek loh Pakne  raskin ora iso dipangan tumonen tur ambune wis apek mung iso nggo pakan pitik.........sakjane  ono opo tah....pabrik panggonem mbogawe iku...." Sarno  :  " Pabrike meh tutup..Bune.....rokoke wis rak payu......cukene larang, mbakone larang.....sing tuku gak ono....bossku lagi binggung.....burohe disaduk siji-siji....." Warti :  " nggono tah Pak.....Jenang mbah Kaji..yo..lagi sepi uga..e...pirang-pirang dhino mung ngolah sak masakan tok...pasare sepi Pak..." Sarno  :  " Wis gak sah dipikir dowo-dowo bune...wong sing ngalami ngene ora awake dewe tok.......ayo tah do dodolan dewe ae....aku tak tuku pit  kanggo klilingan dodol kojek..." Warti  :  " Yo...wis Pakne.......tapi njur nganggo duit teko endi tuku pit kuwi.....mbok wis sak untara dipikul wae rak wis Pak.....mesisan ben ngurangi awakmu..sing tambah lemu ginak-ginuk kuwi...." Sarno  :  " ha ha ha........awakmu kok yo ono-ono wae to Bune........wis nyoh iki ono duit 200 ewu..kanggo blonjo nggawe ojek...mulai sesuk yo......aku tak nggawe kotak blek karo pikulan..." Warti  :  " iyo Pakne...aku tak budal pasar tuku bahan-bahane ngolah kojek  ....tapi mengko tak mampir omahe lek-Jo...takon bumbune opo wae lan piye carane ngolah kojek iku..." Sarno  :  " Ojo lali Bune....ngolah dudoh kothokan kanggo mangan awan yo......iyo wis kono ireh-ireh ae..nek numpak pit....yo...." Warti banjur budal ning pasar Kliwon sakdurunge meh mampir omahe Lek-Jo takon opo wae sing kudu dituku. Hurung-hurung Warti wis rodok cilik atine ..yen ngelingi rego-rego ning pasar sarwa larang kabeh. Warti eling yen perkakas pawone wis podo amoh kabeh, mergo wis suwe dienggo terus. Dalane nuju ring omahe Lek-Jo jeblok kabeh  Warti ireh-ireh olehe ngontel pite. Pirang-pirang ndino udan terus jogane Lek-Jo kethoh kabeh. mula Warti jur mblebu kulah ngresiki sikile dhisik. Warti  :  " Lek-Jo.....Lek....ning omah tah ora iki wonge...kok koyo suwung kabeh...." Tarmi  :  " E..ee...kuwe Nduk.....Lek em..lagi karipan ....ndek bengi bar mremo ning alun-alun Simpang pitu.....wonge jek turu...ono opo kok kadingaren mampir kene Nduk Warti..." Lek Tarmi bojone Lek-Jo njur mbukak lawang njobo satru lan Warti mlebu lungguh ning dingklik ngarep lawang. Warti  :  " Anu Lek...aku meh njaluk diwuruki carane nggawe kojek.....Kang Sarno wis ora mbogawe ning pabrik, pabrike sepi Lek.....kanggo urip iki meh ider kojek ae..koyo Lek-Jo...mulane aku meh njaluk wuruk kepriye carane ngolah kojek, lan bumbune opo wae....." Tarmi  :  " Ooo...ngono....yo wis gak usah nunggu Pak Lek'em tangi, tak wuruki aku yo....adate yo aku sing ngolah kojek Lek'em kok...." Warti  :  " Iyo...Lek...opo ae..aku tak blonjo nyang pasar sisan....." Tarmi  :  "wong lagi pisanan...yo gak usah ngolah akeh-akeh....sing penting payu kabeh..orak mbuak...." Warti  :  " iyo Lek....matur suwun .....opo wae lek..." Tarmi  : " tuku glepung kanji sekilo, iwak kebo seprapat, trus bumbune bawang puteh seprapat, mrico tuku rongewu ae..." Warti  :  "trus saose piye Lek....." Tarmi  : "tuku saos dadi ae....mengko angger nggawe bumbu kacang pedes..kanggo sing seneng pedes..ben dododlannem cepet entek...payu kabeh...." Warti  :  " Iyo...Lek...manun suwun...ben Kang Sarno dodolan ning sekolahan SD cedak omah ae....gak usah adoh-odoh..." Krungu swara gemrebek Lek-Jo jur tangi..niliki ning ngarep. Lek Jo  : " Kuwe..tah nduk Warti....tak kiro sopo..kok abane ramene..pol..." Warti  :  " Iyo..aku Lek...ngapurone yo...nek mbrebegi turunem nganti ketangen.." Lek Jo  :  " Ora po-po....lah ono opo kok kadingaren..." Tarmi  :  " Iki looh...Sarno meh dodolan Kojek...mergo saiki wis gak mbogawe meneh...." Lek Jo  :  "Oooo..ngono yo wis..apik ae...wis diwuruki carane ngolah kojek lah Mak..." Warti  :  " Wis Lek....wis komplit catetanku....kari njang pasar mblonjo....kae Kang Sarno lagi nggawe kotakan blek karo pikulan..." Lek Jo  :  " Yo..wis dang gage....kono blonjo selak pasare entek.....sesuk tangi  sakdurunge subuh yo...ben jam pitu wis iso mulai dodol nyang sekalohan..." Warti :  " Iyo...Lek aku tak budal nyang pasar saiki...matur nuwun yo Lek Jo..Lek Tarmi....selak bocah-bocah budalan sekolah barang.." Tarni  :  " Yo wis kono...ati-ati yo....." Warti  :  " Matur suwun Lek.." Warti jur budal ning pasar Kliwon blonjo keperluane kabeh....karo ngitang-ngitung cukup tah orak duite iki.... Sesuke jam 3 Warti lan Sarno wis tangi mulai upyek ning pawong ngolah kojek, mergo lagi pertama nggawe isih rodo kagol olehe nggawe kojek. Jam 6 esuk kojeke wis siap mergo saose wis disiapke mau mbengi.Lek Sarno wis siap-siap nyepake dagangane ning kotak blek ditoto apik.....ben ketok menarik bocah-bocah..... Warti nyiapke keperluane anake meh budal sekolah karo nggawe sarapan bojone lan anak-anake. Jam 7 Sarno wis budal dodolan kojek, ora lali ndonga disik sak durunge mangkat dodolan ben entuk berkah lan laris olehe dodolan. "kojek...kojek....kojek......thoet-thoet....." Kudus, 11 Maret 2015 'salam fiksi' Dinda Pertiwi sumber gambar untuk mempermudah memahami drama di atas silahkan baca Kamus Gaul bahasa kudus

Mohon tunggu...

Lihat Drama Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun