Mohon tunggu...
Siti Nazarotin
Siti Nazarotin Mohon Tunggu... Guru - Dinas di UPT SD Negeri Kuningan Blitar

Tebarkan manfaat lewat kata-kata. Akun Youtube: https://youtube.com/channel/UCKxiYi5o-gFyq-XmHx3DTbQ

Selanjutnya

Tutup

Humaniora Pilihan

"Nang Omah Wae", Isinen Kanthi Kegiatan Kang Migunani

11 April 2020   09:50 Diperbarui: 11 April 2020   09:42 2594
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber: Dreamstime.com/Family Muslim Stock Photos

Kepetung kawit tanggal 16 Maret 2020 nganti saiki, warga Indonesia ngenyangi himbauan saka pemerintah arupa "Stay at Home" ateges "Nang Omah Wae". 

WFH (Work From Home), ateges kerja saka omah kanggo para pegawai lan karyawan, uga sinau nang omah kanggo para murid.

Kabeh kuwi tujuane kanggo mutus penyebarane Virus Corona sing wis gawe sekabehe sendi kehidupan macet lan mandheg.

Kanggo ngisi kegiatan "Stay at Home", aja sumelang lan aja bingung. Akeh cara sing bisa dilakoni. Akeh kegiatan positif sing bisa dienyangi.

Ing ngisor iki bakal tak jlentrehake jenis kegiatan sing bisa dilakoni nalika "Stay at Home", ing antarane yaiku:

1. Olah-olah panganan.

Olah-olah panganan utawa masak, salah sawijine kegiatan kang nyenengake lan manfaate gedhe. Ora gedhe piye, wektumu ora sia-sia. Awakmu tambah prigel olah-olah, kluargamu ora bakal kaliren.

2. Resik-resik.

Kanggone kaum pekerja, resik-resik omah mesthi jarang dilakoni. Amarga ora sempat, saben dina kesusu. Wayah esuk alasan selak telat ngantor. Wayah awan alasane awak kesel.

Mula nalika "Stay at Home" ngene iki bisa dimanfaatne kanggo resik-resik omah.

3. Berkebun

Berkebun ora kudu nduwe tanah amba. Latar ngarep omah wis bisa dingge berkebun.

Piye carane? Tanduran bisa diseleh nang pot utawa polibek. Opo maneh gelem rodok kreatif, nggaweo rak saka pring utawa kayu turahan, sing fungsine kanggo nyeleh tanduran sing nang pot utawa polibek maeng.

4. Gawe kerajinan saka barang bekas.

Saiki lagi marak, lembaga-lembaga kang pedhuli marang karesikan lingkungan. Masyarakat wis padha sadhar karo pentinge njaga lingkungan.

Ora mung ngguwak sampah nang TPA (Tempat Pembuangan Akhir), ananging sampah kang isih bisa didaur ulang, bisa disulap dadi kerajinan tangan sing ngasilake duwit. Nah, ya iki sing diarani "Sampah nekakake berkah".

5. Ngibadah

Dina-dina biasa, aku yakin, awakmu wis nglakoni kewajiban miturut agamamu. Ananging, nalika "Stay at Home" ngene iki wektune luwih dawa. Mula gunakno kanthi sak apik-apike.

Kanggo kaum muslim, sak liyane shalat 5 wektu, tambahono shalat sunnah. Bisa uga kanggo maca Qur'an.

Kanggo Non Muslim ya padha wae, ditingkatne ngibadahe miturut agamane dewe-dewe.

Tambah rajin lan istiqomah ngibadah, tambah cedak karo Gusti Allah, Insya Allah apa sing dadi panyuwunmu bakal diijabah.

6. Ndampingi sinau anake

Nalika "Stay at Home" bisa lan kudu dimanfaatake kanggo ndampingi anakmu sinau.

Sering bocah ngalami kendala nalika nggarap tugas saka sekolah. Mula kesempatan iki, manfaatno kanthi apik. Kegiatan iki uga bisa ngraketake hubungan wong tua lan anak.

Sawetara kuwi dhisik ya, ora usah akeh-akeh. Sing penting welingku, jaganen kesehatanmu lan kluargamu, mangano panganan sing bergizi, jaga jarak, panggah nang omah ae, yen terpaksa metu amarga ana hal sing mendesak, aja lali maskeran.

Amarga langka, saiki masker kain dianjurno kanggo masyarakat.   Wondene Masker Bedah lan Masker N95 iku dikhususne kanggo tenaga medhis.

Muga-muga Tenaga Medhis tansah diparingi sehat, kuat lan ikhlas berjuang kanggo nulung pasien corona.

Muga-muga Pandhemi Corona ndang minggat selawase, ora bali maneh.

Wasana, sakmene dhisik tulisanku, muga-muga ana manfaate.

Siti Nazarotin
Blitar, 11 April 2020

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun