Ibu
Jerite rasa pating jlerit
Nalika jabang arep lair
Lair ana ngalam donya iki
Getih kemlucur kaya banyu kang mili
Nadyan lara kaya ngapa
Lara iku ora dirasake
Tumetesing luh kang deres
Nalika jabang wis lair
Ana ngalam donya kang kebak kaendahan
Â
Dhuh ibu. . . .
Katresnanmu kaya jembaring segara
Welasmu ora bisa kawales kanthi apa-apa
Tresna asihmu ora bisa digantekake
Pituturmu bakal dak rungokake
Pandongaku ibu. .
Muga Gusti tansah nyembadani
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI