Mohon tunggu...
sofa unnafis
sofa unnafis Mohon Tunggu... Guru - Guru

Selain ngajar, pengen bisa nulis juga

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Unggah-Ungguh Ngladosi Tamu

12 September 2024   17:10 Diperbarui: 12 September 2024   17:13 9
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Kadosipun sepele nanging wigati. Laden tamu boten sembarangan, waton bekta nampan isi gelas utawi pacitan lajeng dipunladosaken. Kawula mudha wiwit jaman rumiyin dumugi samenika kathah sinau babagan ngladosi tamu ing kelompok karang taruna. Ngayogyakarta kalebet Istimewa amargi karang taruna ing saben dhusun tansah regeng lan mlampah program-programipun, salah satunggalipun dados sinoman saben ewuh ing dhusun.

Ngladosi tamu wonten tata cara unggah-ungguhipun. Jaman rumiyin kawula mudha dipunsinau caranipun laden. Wonten gladhen lan praktek sesarengan rumiyin saderengipun dipuntugasi juru ladi tamu ing pawiwahan utawi sanesipun. Istilah samenika 'kelas melayani tamu' dipunwontenaken supados para mudha menika nalika ladi tamu boten nglelingsemi.

Ladi unjukan saha dhaharan menika kedah nggatosaken manek warni, antawisipun caranipun nyepeng nampan utawi tembor. Gelas-gelas ing nampan kedah anteng, sampun ngantos wedang ing gelas menika wutah dhateng nampan ingkang dadosaken gelasipun teles lan reged. Menawi sampun anggenipun bekta ugi kedah ngatos-atos lan inggil, saenipun nampanipun sejajar kaliyan tutuk utawi grana. Ancasipun supados unjukan utawi dhaharan ing nampan boten kewutahan toya saking tutuk utawi grana. Kadosipun sepele nanging menika kalebet tata kramanipun tiyang ladi.

Dumugi papanipun tamu, menawi tamu lenggahan ing kursi juru ladi menika saged ngaturaken unjukan utawi dhaharan kanthi ngadeg ing sisih kanan utawi kiringipun tamu. Menawi para tamu menika lenggahan lesehan, juru ladi kedah lampah dhodhok. Menawi kakung anggenipun mandheg ing sangajeng tamu saenipun sila lajeng ngladosaken unjukan utawi dhaharan, menawi putri saged kanthi lenggah timpuh lajeng ngladosaken unjukan utawi dhaharanipun.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun