"Truk, Petruk...!!! Kowe ngerti Bapak neng ngendi..?? Bapakilang Truk, ilang...!!!" suara cempreng seka omah ngarep nganti krungu tekan kebon... Gareng... Wong-wong Desa Karangwaton wes apal karo bentukan 'makhluk' sing nduweni suara. Petruk sing uga melu krungu mung mesam-mesem, ngempuske rokok sing ya mung kari saklencer sinambi naleni kayu-kayu garing sing bar rampung dikumpulake seka kebonan...
"...Truk... Romo ilang... Romo ilang Truk, ilangg...!!!" ukarane Gareng dibolan-baleni... Sajake Gareng wes lali jatidirine dhewe, wong sing biasane isa ngethokke ukara lan istilah dewo, saiki mung isa bengok-bengok ora karuan jejeg tembunge... "Neng ngendi wong tua wudhel bodhong kae?? Wes digoleki neng ngisor wit randhu biasane, ora katon... Neng sendang yo ora kethok sanajan mung geger, padahal biasane nek adus neng sendhang isa nganti turu angler... Apa wong tuwa kae ora ngerti kahanan desa saiki...?? Apa malah ethok-ethok ora ngerti banjur ngilang ben ora ditekon-tekoni...???" Gareng nerusake ukara mau dadi rada serius,...
Petruk mung anteng wae.. Talenan kayu garing sing dikumpulke dikukuti mlebu omah karo nyawang Gareng, kakangne... "Owalaahhh, dasar Petruk Kanthong Boloonggg... Ra nduwe kuping po kowe...??!!! Ra nduwe rasa, ra nduwe keprihatinan...!!! Romo ki ilang, Truukk...!!! Kowe ki mudeng po ora...???", suarane Gareng krasa luwih dhuwur tinimbang sadurunge... Petruk nyelani... Dheweke nggawa telo godhog serantang turahane sing nggo sangu neng kebonan mau...
Dumadakan Gareng nerusake kalimate... "Romo ki nggaya, sombong, congkak... sok-sokan... Wong tuwa kok le gampang mutung... Wes ngerti yen Desa Karangwaton iki butuh sosok penasehat kaya Romo, nek Romo malah ilang kaya ngene iki, nasibe Desa Karangwaton sing masyur iki lak mung kaya bocah yatim piatu, ora nduwe wong tuwa aing momong, sing ngarahake, sing weweh pengandhel...."
"HIDUP GARENG... HIDUP GARENG...,!! MERDEKAAA....!!!" Petruk nimpali ucapane Gareng sing mulai ngangkat...
"Uhhuukk....!!!"
Gareng keselak... Cangkeme sing lagi ndremimil sinambi nyokoti telo mau kaget ngerti polahe Petruk...
"Malah padhakke aku ki lagi orasi partai to Truukkk...!!! Kene ki lagi ngelu ngrasakke kahanan Desa Karangwaton diarani mung gojek...!!!"
"Kowe ki bar nguntal opo to Kang?? Isih sore ngene kok mendhem'mu wes dhuwur ngono kui..." akhire Petruk nimpali omongane Gareng... Kayane saiki Petruk mulai siap nimpali istilah-istilah lan ukarane Gareng sing biasane rada dhuwur kui...
"Saiki ngene Truk..." Gareng sing mulai ngudarasa tenanan banjur miwiti kalimate....
"Nek miturut iman supingimu, apa Romo ki wes mutahke jagad iki seka njero wetenge...?? Apa Romo Semar ki nyungsep mlebu ana njero wetenge Dewi Wirandi ibune..?? Utawa Romo Semar wes luntur ana ing nur cahyane Sang Hyang Tunggal awit saking kangene...???"
"Sik Kang... Mengko dhisik sedilit...." Petruk sajake sadhar dheweke kudu luwih tenanan nggathekake kalimat ukarane Gareng sing jebul luwih dhuwur tinimbang sing dibayangke... Liyane kui, nganti saiki Petruk isih gumun karo Gareng, kakange. Gumun pengen ngerti seka ngendi asale kepinterane Gareng sing kadang-kadang ngluwihi wawasan warga Karangwaton. Padahal yen dipikir meneh, Gareng ki sekolah wae ora tau, seka ngendi dheweke isa bola-bali nggawe orasi nganggo sing istilah politik, ekonomi, wawasan kebangsaan lan liya-liyane. Saiki malah kaya-kaya Kang Gareng iki ngejak ngobrol babagan filsafat.
"Kowe ki wit mau arep ngomongke apa to kang...?? Wong Romo ki ora lunga neng ngendi-endi kok ndadak digoleki..." Petruk wangsulan sakcukupe...
"Welahhh, kowe kok malah ngejak debat.. Wong aku ki wit mau wes mubeng muteri Desa Karangwaton iki seka oyot nganti pucukan godhonge ora weruh Romo, kok isa-isane kowe ngomong yen Romo ora neng ngendi-endi...?? Lak yo mung ngejak padu filsafat to ngono kui jenenge...?? Gareng nimpali tetembungane Petruk...
Petruk kaget sawetara... "debat piye to kang...??"
"Lha kui mau... Ukara wangsulanmu sing ngono kui mau lak mung arep ngejak padu babagan filsafat... Ojo-ojo kowe ki wes kelebonan Romo ya Truk...!!!"
"Wealah kang... Kowe lak ngerti awake Romo ki gedhene ngungkuli truk, awakku sing kuru gering ngene, piye carane Romo le arep mlebu... Kowe ki kok le aneh-aneh..." Petruk wangsulan kanthi karep ngleremake kahanan obrolan...
"Dhewe kudu nggoleki Romo Truk... Romo Semar kudu tanggung jawab marang kahanan Desa Karangwaton iki... Kahanan ngene iki kedaden merga ajaran-ajarane Romo.. "
"Ajaran sing endi meneh kang...??"
"Ngene Truk... Kowe lak mesthi kelingan, Romo ngajari yen dhewe ki kudu andhap asor... Ora kena nggaya, congkak, sombong lan sakpiturute... Lha kahan saiki iki Truk, saking le mresep ajarane Romo, Desa Karangwaton iki ngantinora isa mbedakake meneh endi sing jenenge andhap asor, endi sing dijenengke sombong..." Gareng mulai jegang neng dingklik lan siap-siap neruske critane.. Petruk sing wes apal gelagat iki mau mung anteng wae ngrungoke...
"Saiki apa kowe kelingan Truk, Romo tau ngendikan yen Desa Karangwaton iki termasuk bibit unggul... Diomongke bibit unggul amarga desa iki nduweni kabeh kautaman sing dibutuhake desa-desa liyane... Desa iki nduweni sejarah sing dawa seka jaman kerajaan ndhisik, wong-wong pinter akeh nganti turah-turah, nduweni evolusi pemikiran sing maju, kabudayan lan peradaban sing luwih maju tinimbang liyane..."
"Saiki, apa kowe ngerti, pakar-pakar dunia sing jarene ahli ekonomi, ahli sejarah, ahli politik, ahli kebudayaan sadonya kae, kabeh padha wirang olehe ngabarake kahanan desa iki... Wong wong donya sing jarene para ahli kae mung ngertine yen Desa Karangwaton iki desa kumuh, reget, kebak penyakit..." "Padahal yen kok amati meneh ya Truk, saiki ngendi ana warga desa sing gaweane mung ngguya ngguyu kaya desane dhewe iki... Ana jagongan, kenduren, kui kabeh isine sesrawungan, ndedonga karo mangan-mangan... Uripe tansah raket siji-lan-sijine... Ora ana anggaran pakaian pejabat sing ngluwihi desa iki... Sing paling anyar saiki, desane dhewe isa ngedol bengsin paling larang tinimbang desa-desa cerak kene..."
Gareng nerusake ukarane... "Nek gendikane Romo meneh, penduduk dunia iki ngarani dexane dhewe iki lagi ngalami krisis... Padahal neng kene iki blas ora ana krisis... Berita krisi kui lak mung wujud seka sing dijenengake andhap asor kui mau to..?? Saiki ngene, yen ana tamu teka mrene, dhewe lak manggake "SILAKAN MAMPIR KE GUBUG SAYA..." apa kui mau ateges gubug tenan...?? Lak yo dudu to Truk... Ukara gubug kui mau sejatine yo omah mogleng mogleng gedhe kaya kraton... Ukara andhap asor ngene iki ora ana neng desa liyane...." "Yen ana sing ngunekake desane dhewe iki lagi krisis, kui lak mung tawadlu sosial... Kui sikap sing dipilih ben dhewe ki ora nggaya, ora sombong. Nek aparat desa iki mbayar utang nganti trilyunan kae, kui taktik, strategi ben dhewe ki diarani kere, ben desa desa liya kui ngremehke dhewe neng kene... Merga prinsip, "SAPA SING DIREMEHKE, KUI BAKAL DIUNGGAHAKE DERAJATE ANA ING NGARSA DALEM GUSTI... Mula posisine dhewe iki mulya ana ing donya kana..."
"Aneh pancen neng desa liyane kana... Desa desa sing jarene nduweni pemikiran linier lan kecerdasan intelektual kae ora nduwe budaya sanepo, uga ora do pekewuh... Dhewe desa sing nduweni kabudayan sing dhuwur, ora bakal tau pamer okol lan akal marang desa liya... Dhewe ora sing gemedhe, adigang adigung adiguna... Ya neng kono kui mau apike desa iki, sanggup nglakoni budaya sing andhap asor..."
"Saiki Truk, ajarane Romo sing ngono kui mau contone... Apa ajaran kui mau ora kedhuwuren yen diterapake ana ing desa Karangwaton iki...??" Gareng ngrampungi pidatone tumprap pitakonan....
"Wahhh, dadi kang Gareng nganggep wong Desa Karangwaton iki bodho, sing ora isa ngangsu ajaran seka Romo Semar ngono...??" Petruk nimpali pitakonane Gareng...
"Ealahhh Truk, Gareng ki boblog... Mung podho goblog'e karo Semar... Kowe aja gelem melu-melu ketularan goblog Truk....!!!" Dumadakan ana suara ora sopan sing nimpali seka lawang mburi... Petruk lan Gareng apal suara kui, suara pah poh sakecekele ora nduwe sopan santun kui mesti suarane Bagong...
Petruk mung mesem meneh, beda karo Gareng sing njur nimpali... "bocah kurang ajar... Semar kui bapake dhewe, le nyebut nganggo Romo, dadi Romo Semar, ora mung teka muni Semar ngono kui...!!! Bocah ra nduwe unggah-ungguh...!!!"
"Wong jenenge Semar kok njaluk diundang Romo, Semar yo Semar, wes..." wangsulane Bagong...
"Duuhhhh....."
(setoprayogi)
ditulis ulang untuk melanjutkan tulisan Laku Petruk bagian I (Pambukaning Crita)
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H