Mohon tunggu...
Frengki Nur Fariya Pratama
Frengki Nur Fariya Pratama Mohon Tunggu... Ilmuwan - Pecinta naskah Jawa di Sradhha Institute, berdikusi sastra di Komunitas Langit Malam.

Menjadi Insan yang mampu berkontribusi terhadap negara dan masyarakat adalah ideologis manusia yang menghamba kepada Sang Khaliq

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Dedes|CERKAK

15 Maret 2017   17:58 Diperbarui: 16 Maret 2017   02:00 767
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wulan Mei tahun kepungkur dadi crita karoban sucining tresna kang sejati. Dedes kenya kang dadi kembang desa ana ing tlatah Kauman dadi salah sawijining crita zaman edan kagambaran kalatidha. Sujud saben wengi madep manteb ing karsaning Gusti dadi kawajiban deweke kang salah sawijining kawula kang taat .

Rikala ana ing salah sawijining papan panggonan pawongan kang butuh pepadhanging piker yaiku taman Krendhawahana. Dedes ketemu kanca lawas SMP, Sugito bocah lanang kang gede duwur bagus praupane jalari wong-wongan mau dadi abang-abang lambene wong sak desa ana ing tlatah Medhang Mulya. Sugito ugi taat manembah marang Gusti sak bendinane dadi guru TPQ ana ing kana.

“loh.. Dedes Puspitasari nggih?” ujar Sugito.

“Mas Gito! Kog wonten ngriki?” sumaure Dedes.

“iyo iki lagi ngeterake bocah-bocah TPQ wisata ana ing taman Krendhawahana kene, kae bocah-bocah lagi dolanan Bom-Bomcar, lha sampeyan kalih sinten?”

“wah, rame ya mas. Iki kula kalih bapak ibu mas, lagi bibar pengajian ana ing desa Klampis Ireng wonten yasinan kalihan ceramah runtin.” Dedes sumaur rada isin nyawang praupane Suguto.

“Mas gito, ayo mrika!”ujar salah sawijing bocah TPQ karo nduding plorotan kayu.

“nggih, ayo mrika! Riyen nggih Des!” Sugito nyekel tangane bocah mau.

“ooh, nggih mas” Dedes sumaur, rada durung katek jagongan.

             Wang-sinawangan rerupan bagus lan ayu, dadi tombo kangen kanca lawas kang lajari welas. Nggugah tyas kang butuh welas asih saka sawijining Giyanto lan Giyanti kang diarepake dadi paneruse trah kaluarga sakloron. Sugito lan Dedes kang wus duweni rasa awit saka jaman sekolahe wus ditempukake maneh, jalari rasa kuwi tuwuh. Mung dadi rasa kang katinggal ing jaman ajali. Taman Krendhawahana mung dadi tetuwuh rasa kang wus kapendem suwe, nanging durung isa diikrarne marang wong sakloron.

            Suruping Respati dadi saksi ikrare Sugito lan Dedes kang pengen ngancik-ancik dhaup walimahan. bapak Dahlan ora nyetujoni, amarga Dedes wus dijodohake karo anak e pak Lurah Dongkol kang dadi pamangkune desa Medhang. Nanging Dedes ora nyetujoni gegayuhane wong tuwane amarga Dedes wus ikrar deweke pengen bebojoan karo Sugito, amarga kukum adat kang ora bakal nolak kepinginan pamangku desa ndadekake bingunge Dedes karo apa kang kudu dilakoni. “saumpama aku nolak, keluargaku bakal entok sangsara, nanging aku ora seneng marang Bagus Cakrasana! Duh Gusti Jenengan tego kalih kawula alit niki” breses mili saka pandulu sinambi nyekel  krambik pepaesing omah. Gegunem ana ing ati.

            Dedes kenya kang taat malih dadi kenya durangkara kang ngrikake Gusti ana mburi. “Gusti sampun pejah! Gusti sampun Pejah! Gusti sampun pejah!” ana sakjeroning penggalih Dedes. Samben dina Dedes hamung murung,  ratan dadi panggonan kang dadi kekancaning urip. Awit saka ratan dewe mung gegolek kanca kang bisa menehi pepadanging pikir. Welas dadi jalaran kang nuwuhake rasa welas asih marang sapada, bisa mangerti apa kang dadi dalaning urip iki, atine tansah ujar tresna bisa diperjuangke. Jiwangga Dedes nrima lan wani matur marang wong tuwane yen deweke tetep tresna marang Sugito.

“Aku dudu Siti Nurbaya aku dudu Dewi Suretna kang kudu manut marang jodoh kang dipilih dening wong tuwa. Aku kudu brontak dadi bramacorah kang nantang dening pemerintah, aku dudu wanita kang bisa diidak-idak diperintah dening wong lanang.” Atine mbalela kaya mangka. Dedes mung pengen nuntut apa kang dadi hak e dening wong tuwane. Nanging wong tuwane kang duweni pikiran kolot tanpa nglegakake tyas putrine tansah kukuh karo pikirane.

“nggih pun yen bapak kersane ngoten rabinen dewe, kana ibuk kemawon ingkang dirabeke!” muwus banter tanpa tedheng aling-aling.

“Wok! Eling ,eling wok!” ibuk karo dredesan eluh.

Bapak sak nalika langsung lumebu ing kamar lan Dedes ninggalake omah gawa cidraning tyas marang bapa.

Tyas kang cidra iku tansaya tinambahan wanci Dedes kaprungu yen adine lanang sing jenenge Siyo mati amerga kalap ana ing kali Gangga, tambah gelaning ati Dedes. Nanging Dedes hamung marani ing pakuburane Siyo tanpa mara ing omah. Bapak Dahlan tansaya kuru bengkring, praupane saya lucek, pucet tanpa ana sumunar seneng kaya biasane. “Pak, ampun dipikir nemen-nemen jenengan niku mangke sakit!” Bu Kenaka muwus. Tanpa sumaur pak Dahlan mung nglamun nyawang sesawangan kang ora jelas. Ing wanci wengi ana ing padhipan Pak Dahlan ngendika, “Buk, aku kudu goleki Dedes lan ngrestoni Dedes Karo Gito !, Sesok Aku kudu goleki” pak Dahlan ngendika.

Esuk ngruput wulan ke-3 sangka minggate Dedes, Pak Dahlan turut ratan goleki Dedes kang wis suwe ora bali ngomah. Ana ing daerah Glagahwangi pak Dahlan weroh Dedes lagi ngajar ana ing sekolah swadaya kang didirekake dening Sugito. Ana kana jebule Dedes dadi guru tanpa bayaran kang dilakoni deweke minggat saka ngomah. “Duh Gusti!, jebule anakku nglakoni pagawean iki!” batine pak Dahlan sinambi nyawang anake kang lagi ngajar matematika ing kana. “nduk !, Dedes! Iki Bapak, bali o nduk, bali o!” Pak Dahlan melas.

“Bapak! Sepurane Pak, Dedes Duraka marang wongtuwa.” Sumaure Dedes.

“iya nduk, sak iki kowe bali o  ning omah maneh, bapak bakal ngrestoni gegayuhanmu dhaup karo Sugito. Lha Sugito endi Des?”

“niko pak.” Dedes nduding mushola samping sekolah.

“Git, mreno sedelo, aku pengen ngomong karo kowe!” pak Dahlan ngawe Sugito. Sugito mak gregah, gage nyedak Pak Dahlah. “nggih pak, wonten pamanggih punapa pak?”

“ngene Git, kowe karo Dedes wis pada gedhene lan kowe yow wis kenal karo Dedes mula dang gage mara ning ngomah karo wong tuwamu.”

               Rong minggu sak wise rerembukan ana ing Glagahwangi, Para kaluarga wus nentokake tanggal kangge lamaran ing omah Pak Dahlan. Nanging sapa ngira, karsane Gusti tanpa kena tinebak. Wanci ana marga tumuju omahe Dedes, Sugito ketrabak truk kang momot kayu jati gedhi. Awak e katiban kayu kang gedhene 8 dakepan wong diwasa. Sak nalika Sugito tilar donya ana ing marga. Urip wus tinakdir marang karsane Hyang Asmajati.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun