Mohon tunggu...
Frengki Nur Fariya Pratama
Frengki Nur Fariya Pratama Mohon Tunggu... Ilmuwan - Pecinta naskah Jawa di Sradhha Institute, berdikusi sastra di Komunitas Langit Malam.

Menjadi Insan yang mampu berkontribusi terhadap negara dan masyarakat adalah ideologis manusia yang menghamba kepada Sang Khaliq

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Dedes|CERKAK

15 Maret 2017   17:58 Diperbarui: 16 Maret 2017   02:00 767
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

            Dedes kenya kang taat malih dadi kenya durangkara kang ngrikake Gusti ana mburi. “Gusti sampun pejah! Gusti sampun Pejah! Gusti sampun pejah!” ana sakjeroning penggalih Dedes. Samben dina Dedes hamung murung,  ratan dadi panggonan kang dadi kekancaning urip. Awit saka ratan dewe mung gegolek kanca kang bisa menehi pepadanging pikir. Welas dadi jalaran kang nuwuhake rasa welas asih marang sapada, bisa mangerti apa kang dadi dalaning urip iki, atine tansah ujar tresna bisa diperjuangke. Jiwangga Dedes nrima lan wani matur marang wong tuwane yen deweke tetep tresna marang Sugito.

“Aku dudu Siti Nurbaya aku dudu Dewi Suretna kang kudu manut marang jodoh kang dipilih dening wong tuwa. Aku kudu brontak dadi bramacorah kang nantang dening pemerintah, aku dudu wanita kang bisa diidak-idak diperintah dening wong lanang.” Atine mbalela kaya mangka. Dedes mung pengen nuntut apa kang dadi hak e dening wong tuwane. Nanging wong tuwane kang duweni pikiran kolot tanpa nglegakake tyas putrine tansah kukuh karo pikirane.

“nggih pun yen bapak kersane ngoten rabinen dewe, kana ibuk kemawon ingkang dirabeke!” muwus banter tanpa tedheng aling-aling.

“Wok! Eling ,eling wok!” ibuk karo dredesan eluh.

Bapak sak nalika langsung lumebu ing kamar lan Dedes ninggalake omah gawa cidraning tyas marang bapa.

Tyas kang cidra iku tansaya tinambahan wanci Dedes kaprungu yen adine lanang sing jenenge Siyo mati amerga kalap ana ing kali Gangga, tambah gelaning ati Dedes. Nanging Dedes hamung marani ing pakuburane Siyo tanpa mara ing omah. Bapak Dahlan tansaya kuru bengkring, praupane saya lucek, pucet tanpa ana sumunar seneng kaya biasane. “Pak, ampun dipikir nemen-nemen jenengan niku mangke sakit!” Bu Kenaka muwus. Tanpa sumaur pak Dahlan mung nglamun nyawang sesawangan kang ora jelas. Ing wanci wengi ana ing padhipan Pak Dahlan ngendika, “Buk, aku kudu goleki Dedes lan ngrestoni Dedes Karo Gito !, Sesok Aku kudu goleki” pak Dahlan ngendika.

Esuk ngruput wulan ke-3 sangka minggate Dedes, Pak Dahlan turut ratan goleki Dedes kang wis suwe ora bali ngomah. Ana ing daerah Glagahwangi pak Dahlan weroh Dedes lagi ngajar ana ing sekolah swadaya kang didirekake dening Sugito. Ana kana jebule Dedes dadi guru tanpa bayaran kang dilakoni deweke minggat saka ngomah. “Duh Gusti!, jebule anakku nglakoni pagawean iki!” batine pak Dahlan sinambi nyawang anake kang lagi ngajar matematika ing kana. “nduk !, Dedes! Iki Bapak, bali o nduk, bali o!” Pak Dahlan melas.

“Bapak! Sepurane Pak, Dedes Duraka marang wongtuwa.” Sumaure Dedes.

“iya nduk, sak iki kowe bali o  ning omah maneh, bapak bakal ngrestoni gegayuhanmu dhaup karo Sugito. Lha Sugito endi Des?”

“niko pak.” Dedes nduding mushola samping sekolah.

“Git, mreno sedelo, aku pengen ngomong karo kowe!” pak Dahlan ngawe Sugito. Sugito mak gregah, gage nyedak Pak Dahlah. “nggih pak, wonten pamanggih punapa pak?”

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun