Mohon tunggu...
Satrio Ra Nduwe Aji
Satrio Ra Nduwe Aji Mohon Tunggu... -

..Seneng Misuh... Tapi Ra Seneng Musuh (an)...

Selanjutnya

Tutup

Politik

Pelacur Keputusan (Beda Akil Mochtar dengan MMD)

23 Mei 2014   01:17 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:13 173
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Politik. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

.....Suatu Sore di Pojokan lapangan Katang... (Katang bukan Kotang!!)...

Wonokairun : Lik jarene MMD melu PRAHARA yo??

Lik Basiyo : PRAHARA ?? maksudmu opo? MMD ?

Wonokairu : Wah ra gaul sampeyan, PRAHARA = PRABOWO HATA RAJASA, MMD = Makput MD

Lik Basiyo : Ho-oh, aku moco ning Kompas ngono.... tapi politik sopo eruh...

Wonokairun : Tapi wingi koyoke melu si Bungkring ??

Lik basiyo : Maksudmu Jokowi ??

Wonokairun : Ho-oh, nyapo yo kok malih-malih, lek Profesor Dangdut, ngono pantes...

Lik Basiyo : Lho ra eruh aku, paling ditinggal adus karo mboke bungkring...

Wonokairun : Hooh...ancene sewotan... lagian wis tuwek koyok sampeyan, di jarno yo mati dhewe...

Lik basiyo : Lho ancene atene kok pateni ta?

Wonokairun : Yo ra ngono..., aku khan kadere... tapi njengkelno ancene wonge.... cumak lek lagi karep angel dipenggak... kudu ngracun ae...

Lik Basiyo :.. Huss ra oleh ngono kuwi...., lemu-lemu ngono yo tau dadi Presiden.., awakmu ojok sembarangan yo ngarani Koalisi Merah Putih dadi Prahara... ngawur ae ....

Wonokairun : Lha kuwi masalahe ra nyambung, lek si bungkring jenenge koalisi JOMBANG, pantes, soale enek iJO MBiru aBANG...  lek situke koalisi merah putih ra pantes....

Lik Basiyo : Kok ra pantes... Sing Siji Tentara...Sing Siji Menteri.. khan gagah nggae Merah Putih...

Wonokairun : Sampeyan ndukung kuwi ye?...

Lik Basiyo : Rahasia, ancene khan isine wong gagah-gagah ....

Wonokairun : heleh kuwi ngono koalisi DMDP.....

Lik Basiyo : Maksute ?

Wonokairun : Koalisi Dudo, Mantan Dudo and Poligamist, enek Prabowo, Ahmad Dany, Anang Hermansyah, Lutfi hasan Ishak....

Lik basiyo : Ngawur, PKS wis ganti presidene Anis Mata saiki ....

Wonokairun : Iyo ta? podo wae Anis Matta yo poligamist....

Lik Basiyo : Halah padune .... awakmu iri kono bolone akeh...

Wonokairun : Yo ora lah... akeh lek cumak njanjeni mengko salah omong lak buyar.....

Lik basiyo : Maksute ?

Wonokairun : Misale MMD dijanjeni Menkumham, lali omong ngomong ndi Jendral Bagong.... janjine yo podo... bareng omong-omongan lagi do eruh lek diapusi....

Lik basiyo : Sopo kuwi Jendral Bagong?

Wonokairun : kuwi lho... Tousutta... opo mbuhlah... jendral sing raine koyo Bagong kuwi....

Lik basiyo :...ooo kuwi.., yo aku ruh maksudmu.... trus lek misale MMD melu PRAHARA piye?

Wonokairun : Yo kuwi... perasaan ngisin-ngisini, wingi nggowo map ketemu karo Surya Paloh, trus ketemu Mboke Bungkring... rasido dipilih kok malih klepat ndik PRAHARA... Koyok ra nduwe aji.... Ra bedo adoh karo Akil Moktar yuniore ndik MK...

Lik Basiyo : Ngawur... pak Akil kuwi keno korupsi.. lha pak MMD opo yo diarani korupsi ?

Wonokairun : Asline yo ora wong ora pejabat Publik, tapi ngono kuwi isok diarani pre korupsi, tapi lek ngono kuwi, ngisin-ngisini wong NU... lek Saeran ae.. sing ndisike ngidolakno MMD malih misuh-misuh saben ndino.... PANUTAN ASU..PANUTAN ASU.... yo trus tak jawab... MMD kuwi PANUTANe... wonge trus takon lha asune ? yo awakmu!!! aku dibalang kursi.... wkwkwwkwk..

Lik Basiyo : Wkwkwk..Ancene iyo, aku sing ndik tataran ranting ae... malih bingung... opo maneh awakmu sing abangan...maksute Pre Korupsi kuwi opo?

Wonokairun : Lek Akil muktar kuwi menyalah gunakan wewenang pejabat publik untuk menguntungkan diri sendiri atau orang lain..

Lik Basiyo : Lha lek MMD ?

Wonokairun : Menguntungkan diri sendiri atau orang lain untuk mendapatkan wewenang pejabat publik...

Lik Basiyo : Kowe oleh definisi ngono kuwi tekok ngendi ?

Wonokairun : Otak-atik mathuk....

Lik Basiyo : Raimu koyok asu... lek awakmu ndukung sopo run?

Wonokairun : Jelas lah banteng Kerempeng ... Koalisi NJOMBANG ...... Joko Jek!!! sing jelas dudu PRAHARA...

Lik Basiyo : Alasane opo ?

Wonokairun : Rahasia.... Sing jelas Gak Rasis... koyok koalisi situke...koyok-koyok Indonesia atene didadekno negoro Islam....

Lik Basiyo : Opo salahe dadi negoro Islam ?

Wonokairun : Raimu, kon shalat sedino ping limo, poso ra oleh rokokan karo ngopi.... lek gak ngono diukum

Lik Basiyo : Lek sing jenenge Shalat kuwi lak wajibe ping lima opo pengin difatwa ping rong puluh? trus lek poso ancene ra oleh ngopi karo rokokan.... ancene awakmu kuwi sing Islam KTP....

Wonokairun : Malih Kotbah lik.... tapi yo kuwi lik... Ngono yo Ngono, Tapi mbok yo ajok ngono....

Lika Basiyo : Maksutmu piye?

Wonokairun : Lek olehe alim mbok yo ojok diketok-ketokno, koyo Gus Mus kae..., lek olehe sugih yo mbok ojok diketok-ketokno nduwe pesawat, ning endi2 numpak helikopter.....koyok Toing Gudang garem kae luwih sugih... ndik endi-endi malah sepedahan onthel...

Lik Basiyo : Kuwi ngono onok alasane, lek Prabowo ndik endi-endi numpak Helikopter mergo wonge ancene seneng miber, trus lek misale liwat pantura nggowo mobil trus mumbul-mumbul malih eling karo bojone...

Wonokairun : ... halah sampeyan elingno.... ki lak malem jemuwah... wayahe mumbul-mumbul karo ojob...

Lik Basiyo : Yo wis kono ndang adus... ngombe jamune Kang Turi..... jok lali mengko bar ngisak tahlil ndik Pak Guru Dullah....

Wonokairun : Oke Lik.... tapi aku tetep JKW4P....

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun