Mohon tunggu...
S. R. Wijaya
S. R. Wijaya Mohon Tunggu... Editor - Halah

poetically challenged

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

[Basa Jawa] Empok-empokan

10 Desember 2010   16:36 Diperbarui: 26 Juni 2015   10:50 435
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption id="attachment_76840" align="aligncenter" width="400" caption="CNKK"][/caption]

Nek kangen Yogja aku biasane otomatis kepingin nganggo cara Jawa kaya saiki. Dadi ngapura yen ana bagas-kewarasan sampeyan sing ora paham, ya.

(lha sakjane apa gunane njaluk ngapura wong ngapurane cara Jawa kok. Apa ya kanca sing Minang lan Mandailing jur mudheng apa piye? Pekok banget sing nulis iki)

Eniwei, aku ujug-ujug kangen Cak Nun (CN) uga. Mulane aku arep crita pasal CN.

Sampeyan ora misuh, lho. Dudu pasal agama, kok. Critane kemproh-kemprohan thok ki: Perkara CN sing tau ngekei bab “empok-empokan”. Becik aku kandhani dhisik, “ngempoki” kuwi artine kira-kira “ngentuti”. Nanging pakeme entut sing paripurna, dudu entut moderat duweke sampeyan saben dina iku. Empok luwih signipikan katimbang entut. Ha, ya wis ngono kuwi lah. Rumus pertidaksamaan mitikmitika-ne:

{e  m  p  o  k} > {e  n  t  u  t}

halah....

Empok-empokan iki khas bocah-bocah langgar jamane cilikan CN. Dilakoni yen ana wektu-sela awit adzan nganti qamat. Dadi critane bocah-bocah langgar kuwi uyeeeg ’ae. Playon mubang-mubeng, plotrok-plotrokan, entut-entutan, empok-empokan. Lha jenenge bocah kok. Meneh, imame kerep suwe olehe teka. Lha cocok wis....

Lha kaya apa, ta, wacana empok-empokan? Apike ben aku langsung ngepek ukara-ukarane CN wae sak eling-elingku. Kabeh sing nututi ning ngisor iki kedaden ning mBantul, omahe CN, taun rongewu pitu. Nanging ta' tambahane uba-rampe sithik-sithik no, ben sansaya marem. Kameraaa, eksyeen!

.

Sak weruhku, mbiyene empok-empokan kuwi termasuk mainstream."

"Umume urip bermasyarakat, mesthi ana kubu sing jumawa lan kalahan. Ana bocah-langgar sing gaweane ki ngempoki terus, tapi bocah liya ora tau wani ngempoki genti...”-

terus ana bocah jenenge Marup. Awake cilik, jirih, tur dheweke iki diempokiii terus. Cindil-cindil liyane kabeh ngempoki Marup tanpa Marup-e mbales. Mesakake tenan. Nanging jembare ati menungsa kae rak ya ana batese, ta?"

Mula Marup tau kentekan sabar. Njero atine wis mangkel sak pol-pole merga kempokan terus. Dheweke nawaitu arep mbales dendam. 'Cukup! Wis ben modara sisan kabeh sing ngempoki aku. Apa neh sing jenenge Minin kuwi. Anakan asssyu tenan! Ngempoki uwong karepe dhewe. Ndhase guedhe, bathuke mrengkel-mrengkel, kemaki. Ta’ empoki bali kowe saiki...,’ ngono batine Marup."

.

Lha ngempoki ki ngene lho,” jare CN meragakke carane. ”Tanganmu kiwa lebokke sarung, golekana bolongan entute, terus ngentuta. Bar kuwi entute didekem ning genggemanmu, terus pakakke raine kancamu. Iku carane ngempoki sing bener.”

.

Nanging Marup kleee-ru. Sing mlebu tangan tengen....”

Dheweke wis siap-siap, maca mantra jopa-japu-nambani-buntut-asu ping telu, karo mbatin, kapokmu kapan kowe, Minin...jur tangane mlebu sarung, terus olehe ngentut dibanter-banterke, bruot-bruot!”

Ealah, Gustiii, Gusti...jebul sing metu kok malah t a 1 n 3....”

.

Lali bocahe le mau awan mangan rujak telung pincuk. Wis tiwas, piye meneh. Langsung wae Marup-e mlayu wuzz mak srunthul ’nyang mburi, cawik karo wudlu....”

.

12905274461318903795
12905274461318903795

*

Mugakna, ning langgar kuwi luwih apik misale bocah sak jentrek-jentrek iku salawatan, nyanyi pujian-pujian, katimbangane nggawe-gawe ora tata. Aja gampang le ngarani salawatan iku bid’ah. Sing wis mesthi bid’ahe ki ’mung empok-empokan, je”-

.

terus, nilai moral seka crita iki yaiku: Aja ngingu dendam. Lan siji neh: Nek nduwe putra, aja nganti sampeyan jenengi Marup”-

.

”ndak yen ngentut, anune katut mrucut....”

.

Kidule mBetawi, MMX AD

***

.

-gambare loro-lorone seka kene-

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun