Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cerpen: Prei

27 Januari 2021   12:13 Diperbarui: 27 Januari 2021   12:28 809
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Ayo, Mas, dolen."

"Dolen ndok ndi wong sik koyok ngene kok."

"Bosen aku ndok omah ae. Nang mal opo pantai."

"Iki sik PSBB, gak oleh metu-metu. Ditutup kabeh ae."

"Gak, mal buka kok."

"Buka ning dibatesi. Nontok sinetron kono lho, opo turu."

"Tura-turu ae bosen, edan aku ngko suwi-suwi."

Meh setahun ora iso bebas metu, lungo-lungo, wong-wong podho bosen. Wis dikandani metu lek ancen penting ae utowo ono gawean sing ancen kudu metu. Sing liyane kon nang omah ae. Ning ora kabeh uwong betah nang njero omah. Biasane kluyuran, dolan, angel lek kon ndekem ae nang omah opo maneh sakmene suwine.

"Mak e nang ndi, Min?"

"Bobok."

"Sampeyan gak bobok?"

"Emoh. Aku sepedaan."

Awan koyok biasane Diman mulih, mangan. Wong lanang iku nginceng bojone sing jare Tomin lagi turu. Bener. Wiji lagi turu nang njero kamar. 

"Gak oleh metu lho, sepedaan nang njero ae."

"Ho oh."

Diman moro nang pawon. Masio turu, panganane wis siap kabeh. Bojone wis mari lek nyepakno panganan karo ngurus omah. 

"Wis maem?"

"Uwis."

"Mak e kaet mau lek turu?"

"Enggak. Mau mari nonton tipi."

Durung mari lek mangan, bojone tangi. Wiji nyedeki Diman sing lagi nyendoki sego.

"Wis mulih, Pak?"

"Gurung. Iki arwahku," saure Diman.

"Lambene."

Wiji melu lungguh, ngancani bojone mangan.

"Lapo tangi? Mari ngene yo budal maneh."

"Gak popo."

Mari mangan, Diman budal maneh nang nggon kerjoan. Wiji sing sik ngantuk, ngajak anake turu. Lek mau Tomin ora gelem mergo pingin sepedaan, saiki arek lanang iku manut. Dikeloni emake, suwi-suwi arek lanang iku melu merem.

"Wong lagi koyok ngene mosok ngejaki dolen ae, garai emosi."

Nggon kerjoane Diman biasa dingge cangkrukane arek-arek. Tonggone, koncone, biasa mampir mung ngge leren sediluk, rokokan karo ngobrol. Awan iki Toni bakul sayur keliling sing mampir. Mari ngubengno dagangan, wong lanang iku leren nang nggone Diman.

"Lha aku ki metu golek duwit, ngunu yo sik dicemburuni, dinesoni."

Diman mesem.

"Dipikir gak mumet ngene iki. Aku yo wedi penyakit, ning lek gak metu yok opo kate mangan. Malah sing dipikir mung ngejaki dolen ae. Lek gak dikei duwit ngko yo ngomel."

"Sing sabar. Mugo-mugo ndang mari, ndang normal maneh."

"Iyo, Mas. Aku yo pingin prei, leren diluk, ning koyok ngene iki lek gak malah selot sregep, abot."

"Iyo."

Ora suwi, Toni pamit. Ora mung durung iso bebas metu, ngumpul yo dibatesi. Lek biasane nyangkruk iso wong akeh, saiki siji loro lan mung saknyuk-saknyuk.

"Mak, aku mancing ya."

"Yo mancingo."

Nang omah, Diman pamit karo bojone.

"Tomin. Ngko lek melu mesti ngejaki mulih."

"Nang ndi areke?"

"Kae dolenan montor-montoran."

Wiji sing lagi gletakan, nyawang bojone sing lungguh nang pinggir kasur.

"Adusone sik, ngko gek gowonen rene. Tak kelonane."

"Okay!"

Diman marani anake. Wong lanang iku ngrayu anake cek gelem diadusi. Prei, Diman pingin mancing. Ora mung diadusi, Diman yo macaki anake. Bojone sik turu.

"Wedakan sik," omonge Diman nang anake.

"Kate lungo? Mak e sik bobok."

"Gak."

"Kate nang ndi, Pak?"

Tomin sik ae nakok. Mari anake wis ganteng, Diman mbisiki bojone sing sik merem.

"Wis ganteng iki, Mak, areke."

Wiji melek. Dicandak anake sing mau ngadeg nang kasur.

"Bobok kene," jarene nang anake.

"Emoh, melu Pak e."

"Melu nang ndi, kene ae. Susune ndi, Pak?"

"Woh iyo, sik."

Wiji ngeloni anake. Mari diadusi, dikeloni emake, dicekeli susu, ora suwi Tomin merem dhewe. Ndelok anake karo bojone wis merem, Diman budal nang kali, mancing.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun