"Gurung. Iki arwahku," saure Diman.
"Lambene."
Wiji melu lungguh, ngancani bojone mangan.
"Lapo tangi? Mari ngene yo budal maneh."
"Gak popo."
Mari mangan, Diman budal maneh nang nggon kerjoan. Wiji sing sik ngantuk, ngajak anake turu. Lek mau Tomin ora gelem mergo pingin sepedaan, saiki arek lanang iku manut. Dikeloni emake, suwi-suwi arek lanang iku melu merem.
"Wong lagi koyok ngene mosok ngejaki dolen ae, garai emosi."
Nggon kerjoane Diman biasa dingge cangkrukane arek-arek. Tonggone, koncone, biasa mampir mung ngge leren sediluk, rokokan karo ngobrol. Awan iki Toni bakul sayur keliling sing mampir. Mari ngubengno dagangan, wong lanang iku leren nang nggone Diman.
"Lha aku ki metu golek duwit, ngunu yo sik dicemburuni, dinesoni."
Diman mesem.
"Dipikir gak mumet ngene iki. Aku yo wedi penyakit, ning lek gak metu yok opo kate mangan. Malah sing dipikir mung ngejaki dolen ae. Lek gak dikei duwit ngko yo ngomel."