Wis meh setahun pandemi, durung ono tanda lek bakal ndang mari. Uripe Diman karo anak bojone ora beda karo tonggo-tonggone, selot abot. Dadi tukang kayu, gaweane Diman mejo kursi, kadang nggarap lemari, sak onone. Ben isuk budal, mulih sore, ora ono bedane lek sregep. Bedane mung olehe duwit, selot seret mergo gawean selot sithik.
Ojo'o dingge tuku mejo kursi utowo ndandani lemari, dingge mangan ae angel. Diman wis biasa ngadepi ngene iki, jenenge kerjo dhewe. Ning wong lanang iku ora sambat, masio kadang yo rodo mumet. Mugo-mugo ndang mari, ngunu dungane ben dino. Sing penting pancet sregep kerjo. Rejeki ngko lak ono ae.
"Tumben gak rokokan, Pak?" takone Wiji nang bojone.
Diman sing lagek leyeh-leyeh nang teras nampani gelas kopi saka bojone.
"Gpp, rodok watuk mau."
"Yo gak usah ngopi sik. Tak gawekno wedang jeruk ta?"
"Gak usah, iki ae."
Wiji mlebu maneh. Wong wedok iku ora takon maneh. Anake lagi nang ngarep tipi, ndelok kartun. Arek lanang iku wes suwi ora mlebu sekolah, koyo kanca-kancane. Sekolah kabeh soko omah, nggawe henpon. Sasi ngarep arek lanang iku mlebu SD. Sekolahe wes  oleh kaet kapan kae.Â
"Mak, seragamku wes dadi?"
"Uwes. Kan oleh dadi soko sekolah, gak usah atek njaitno."
"Wes dijupuk?"
"Yo mene, rung wayahe."
Mari nginguk anake, wong wedok iku mlebu kamar. Dibuka lemarine. Mari golek-golek, Wiji ngetokno dompet cilik soko mburi lempitan klambi.
"Mak, njajal seragam."
Sore mari dolan soko tonggone, Tomin moro njaluk njajal seragam anyare. Mau isuk Wiji moro nang sekolahe anake, mbayar karo njupuk seragam. Tomin ora dijak. Arek cilik durung nang sekolahan, cukup wong tuwone.
"Gurung adus ngono, ngko reget."
"Njajal sik, ngko adus."
Seragame Tomin durung diumbah, dijajal dhisik yo ora popo, pikire Wiji. Wong wedok iku langsung njupuk seragame anake nang kamar. Tomin jingkrak-jingkrak, seneng.
"Apik, Mak?"
"Iyo. Kegeden sithik tapi gak popo, diluk engkas yo pas."
"Gantenge."
Diman sing kaet mulih soko kerjoan melu komentar. Wong lanang iku mesem ndelok anake nggawe seragam anyar sing ketok kegeden. Tomin sik joget-joget karo nyawangi rupane nang koco. Senin ngarep dheweke karo kanca-kancane wes mulai sekolah maneh. Masio pancet online.
"Wes, gek adus. Seragame kate tak umbah sik."
"Oke, Mak."
Kesenengen wes oleh seragam, Tomin langsung budal nang mburi, adus. Diman sing mau mesem ae ndelok anake saiki nyawang bojone.
"Utang sopo?"
"Gak utang," saure Wiji.
Diman nyawangi bojone, dideloki siji-siji soko ngisor nang nduwur.
"Adol kalung?"
Wiji manthuk. Diman melu manthuk-manthuk. Ngurangi rokok abot, ning luwih abot maneh lek ndelok anak bojone nang kondisi koyo ngene iki.
"Mene tuku maneh," omonge Wiji karo ngalih nang mburi, ngawekno kopi bojone.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H