Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Berkat

28 Desember 2020   09:00 Diperbarui: 28 Desember 2020   09:05 354
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Aku nyuwun miene, Mak."

              "Yo iki. Njupuk piring kono."

              Isuk-isuk omahe Wiji wis oleh kiriman sego berkat. Tonggone ono sing slametan.

              "Iki ayame."

              "Emoh, pedes."

              Ndelok ayam bumbu rujak sing ketok abang-abang ono lomboke, Tomin ora gelem. Arek cilik iku wedi kepedesen.

              "Tahu?"

              "Emoh. Mie."

              "Lha mosok mung karo mie."

              "Iki sego."

              "Lha iyo, lawuhe? Atek tempe goreng ta?"

              "Krupuk ae."

              Tomin njupuk krupuk nang njero rodong. Arek lanang iku sarapan atek sego karo mie berkatan.

              "Garingan ngunu," omonge Wiji nang anake sing wis ngenakno lek mangan.

              Awan wayahe Diman leren, wong lanang iku mulih. Mangan nang omah, lagi akeh panganan.

              "Sampeyan gak moro nang omahe Lik Di ta, Pak?"

              "Lha onok opo?"

              "Jare pendak sijine bojone."

              "Gak oleh undangan kok, gak onok sing ngabari."

              "Iku mau oleh berkat ko kono."

              "Isuk mau kae?"

              "Guduk, onok maneh. Kaet ae iku mau lek ngeterno."

              Diman mbuka tudung saji. Isuk mau wong lanang iku wis ndelok sego berkat, tambah masakane bojone. Saiki, panganane luwih akeh maneh mergo mari ono sing ngeteri.

              "Akehmen."

              "Ho oh, onok jajane barang. Gowonen, Pak, ngko."

              "Arif mestine yo oleh."

              "Yo gak popo tho, dingge sampeyan."

              "Cek dipangan anakmu ae."

              Ora mbantah, Wiji meneng ae akhire. Ndelok panganan akeh ngunu rasane mbesesek wetenge. Wis dipangan sik ae ora entek.

              "Lik! Lik!"

              "Tamu kae," omonge Diman.

              "Nggih!" bengoke Wiji.

              "Niki dikengken mak e."

              "Onok opo? Suwun lho."

              "Ulang tahune Dila."

              "Oalah. Suwun yo, Mat."

              Kaet ae mbahas panganan sing akeh wis oleh kiriman maneh. Rahmad, anake Yu Mi, ngeterno kardusan. Dila, adike ulang tahun. Biasane lek ulang tahun ngundang tonggo opo konco, ning mergo lagi ora oleh kumpul-kumpul akhire cukup ngeterno pangganan nang tonggo teparo.

              "Sopo maneh?"

              "Ulang tahune Dila jare. Min, iki onok jajan!"

              Wiji nyeluk anake. Arek lanang iku mau lagi dolanan nang samping omah.

              "Wareg."

              Kaet isuk wis sarapan, mangan jajan, Tomin kewaregen.

              "Panganan sakmene akehe opo yo entek?" takone Wiji.

              "Mosok gak entek?" ganti Diman sing nakok.

              "Yo ewangono, Pak. Ojo kabeh aku."

              "Biasane dhewe yo kuat."

              Wiji menteleng. Seneng mangan, opo ae ora masalah ngge Wiji, ning ndelok sakmunu akehe rasane mblenger dhewe. Kate dikekno uwong yo kabeh mesti wis oleh bagian wong soko tonggone.

              "Alon-alon lak entek ngko," omonge Diman nang bojone.

              Wis ngerti kebiasaane bojone sing ora iso ndelok panganan nganggur, Diman mesem-mesem dhewe nggudani bojone.

              "Masak opo?"

              "Sego goreng."

              Diman manthuk-manthuk. Mari wingi oleh panganan sakmunu akehe karo sego, wis biasa lek menene sarapan sego goreng.

              "Jajane wingi isik?"

              Wiji nyawang bojone. Diman mesem. Wong lanang iku wis paham, ning pingin nggodani bojone.

              "Jajane dientekno mak e," Tomin sing krungu bapake takon langsung nyauri.

              "Woo. Lha anake gak dibagei?"

              "Enggak," saure Tomin maneh.

              "Halah. Ditawani yo jare gak gelem kok. Lek dingge saiki yo wis mambu jajane."

              "Mosok roti mambu?" Diman sik nggodani ae.

              "Mambu," saure Wiji.

              Ora mung seneng resik-resik omah, Wiji yo seneng ngresiki panganan.

              "Alhamudillah bojoku, Rek. Wis ayu, sregep sisan, resikan. Nikmat tuhan manalagi yang akan kamu dustakan..." omonge Diman karo mesem.

              "Embuh."

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun