Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Nabung

23 Desember 2020   11:15 Diperbarui: 23 Desember 2020   11:32 473
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

  "Tak balekno, tak balekno, Lik. Wedimen lho. Seminggu thok. Duitku rung cair. Minggu ngarep mesti tak balekno."

              "Wingi omongmu yo ngunu, seminggu, kenyataane mundur maneh seminggu!"

              "Sing iki temenan, Lik. Kantore podho tutup, rung iso nyairno. Ngerti dhewe pageblug ngene, kabeh kantor kan tutup."

              "Be-er-i kae buka."

              "Lha aku gak ndok be-er-i kok. Guduk bank, kantor."

              "Aku yo butuh."

              "Ho oh, ngerti aku. Minggu ngarep pasti tak balekno, tak tambahi wis. Anggepen tabungan."

              Lik Mah sik mecucu. Wong wedok iku mbedodok atine, ning ndelok rupane Meri.

              "Awas lek mbujuk, tak..."

              "Gusti, sampeyan lho ngerti omahku, Lik. Garek mbok parani. Wis ta lah, Lik, temenan, janji aku. Iku lho sepeda karo mobil yo onok, kok sampeyan cek wedine. Jaminan iku."

              "Yoh. Tak cekel omonganmu."

              Mari udur-uduran akhire Lik Mah mulih. Masio sik gelo mergo duwite rung sido mbalik, Lik Mah ora iso mekso. Wis diomong durung ono, kate yok opo maneh. Gelem ora gelem wong wedok iku kudu sabar ngenteni seminggu maneh.

              "Pak, wis ngerti berita sing lagi rame kae?"

              Isuk karo masak, Wiji ngobrol karo bojone sing lagi aras-arasen adus.

              "Berita opo?"

              "Kae, sing duwit nabung nang bank tapi moro-moro ilang. Aneh yo?"

              "Heh?"

              "Ho oh. Ning bank lho, Pak, gek akeh maneh duwite."

              "Yo gak aneh sih," saure Diman sing sik ngantuk.

              "Gak aneh yok opo? Duwit ditabung, gak dijupuk mosok moro iso ilang?"

              "Lha aku kadang duwit nang dompet, nang sak clono gak tak ngge tuku rokok opo jajan moro yo iso ilang."

              Wiji nyawang bojone, durung patio dong. Sing disawang meneng ae, malah angop.

              "Yo iku dingge jajan anakmu. Dingge mangan bojomu sisan. Opo'o? Gak oleh? Gak iklhas?"

              Mari wis paham maksude bojone, Wiji langsung ngecepret, protes.

              "Yo oleh tho yo, kan aku mung ngomong hehehe...." Saure Diman ingah-ingih.

              Wiji nyebek.

              "Pokok dipangan ae aku ikhlas. Wong yo dadine nggenah ngene, seger, sehat, ayu sisan hahaha..."

              Wedi bojone nesu, Diman langsung nggudo bojone.

              "Mbelgedes. Lha iyo lho, Pak, duwite iku lho rong puluh em, lak yo akeh nemen."

              "Akeh pol. Lek dingge tuku sate wis iso sak warunge iku, bakule lek gelem yo iso digowo mulih sisan."

              "Ngeri yo, Pak. Nggarai wedi ngunu iku nabung nang bank."

              "Lha lapo?"

              Wiji neleh ulekane. Wong wedok iku nyawang bojone.

              "Lha saiki sampeyan bayangno, duwit sakmunu akehe ditabung lak yo dingge simpenan. Moro ilang gak jelas. Gek jare iku mbuh dibalekno opo gak lho, Pak. Medeni."

              "Yo mestine dibalekno, kan iku resmi. Onok catetane, iso dilaporno."

              "Lha beritane kae, lek duwit wis ilang ngunu angel. Mung salah-salahan, ning duwit nggak mbalik."

              "Jare sopo?"

              "Yo jare wong-wong sing rame kae. Ngeri."

              Diman ngucek matane. Anake durung ketok. Mau ditinggal tangi, arek lanang iku sik ngorok.

              "Yo gak usah wedi. Nabung yo nabung ae, garek milih sing nggenah."

              "Lha ning kasus ngunu iku jare akeh, Pak."

              Wiji sik ae ngeyel.

              "Yo gak usah nabung ae lek ngunu. Dientekno ae, dipangan langsung, gak onok sing nyolong."

              "Yo gak iso ngunu sisan sih, Pak. Wong lak butuh nabung barang, dingge jogo-jogo lek onok kebutuhan."

              "Yo nabung nang omah ae lek wedi, teleh lemari opo ngisor bantal," saure Diman maneh.

              "Yo mosok iso. Ditemu anakmu dingge njajan ngko."

              "Mbok temu yo mbok gawe tuku daster karo kutang ngko," Diman nerusno.

              Wiji menteleng. Wong wedok iku mangkel krungu saurane bojone.

              "Lha trus ditabung nang ndi?" Diman saiki ganti takok.

              "Embuh, bingung."

              "Diman ngadeg. Wong lanang iku kate budal adus.

              "Yo wis pikiren sik, aku tak adus. Ngko lek wis onok duwite dipikir maneh nabung nang ndi. Wong duwite gurung onok tho?"

              Wiji nyawang bojone. Wong wedok iku trus mesem.

              "Ho oh," omonge karo mesem.

              Wong wedok iku nerusno lek ngulek bumbu. Diman mlebu jeding, adus.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun