"Lha awale yok opo kok iso koyok ngunu?"
       Wiji sing penasaran akhire nakok. Nonit ambekan rodo dowo.
       "Lha embuh wong-wong iku, kok iso malih koyok ngunu. Aku lho nyetatus biasa."
       "Biasa yok opo?"
       "Aku mung nulis 'Pas onok gak pingin, mbareng gak onok kok malih pingin' ngunu thok."
       "Heh?"
       "Iku bengi-bengi pas aku keluwen. Pinginku yo ndang merem, malah gak iso turu. Nah, pas iku bakul baksone lewat, tapi aku lagi gak pingin, pingin tahu tek. Tak enteni gak lewat-lewat. Trus moro malih pingin bakso, pas aku metu wis gak onok bakule. Tak enteni sak jam luwih gak onok sing lewat maneh."
       "Aku yo kadang ngunu. Pas pingin sego goreng bakule gak lewat, pas wes lewat ganti pingin sate."
       "Lha iyo. Lha trus menene kok iso moro rame iku, diduduhi statuse Reni. Areke nulis 'pingin kok bojone uwong', lah. Sopo sing pingin bojone de'e yoan, GR."
       Ora mesakno, Wiji malah ngguyu banter. Arek wedok iku ora iso ngempet ngguyune. Ancen wong-wong saiki aneh-aneh. Opo-opo distatus. Sing moco karo sing nulis podo kurang gawean, akeh-akeh podo GR mikir dingge dheweke. Opo-opo enake diomongno langsung, malah mung dingge bales-balesan trus tekan ngendi-ngendi dadine.