Diman ambekan rada dhowo. Ngene iki lek dikandani paling yo mung dadi tangis. Dheweke mikir yok opo carane ngatasi anake.
"Adus sik kene, trus maem."
Saka njero omah suwarane Wiji njeluk anake. Ora mung mbengoki saka njero, Wiji metu nang teras marani anake sing ngrengik. Diman nyawang bojone, wong lanang iku mung iso ngukuri gundule. Sing disawang wis paham mergo mau bengi anake iku wis ngomong njaluk ditukokno sepeda sak durunge turu.
"Digowo ae sik, ngko sore digowo mulih maneh wis anyar," omonge Wiji nang bojone.
Diman nyawang bojone. Wong lanang iku manthuk-manthuk.
"Ndang, adus sik. Ngko sepedae cek diijolno karo Pak'e," omonge Wiji nang anake.
"Tenan?" Tomin takok nang emake, ora percoyo.
"Tenan yo, Pak?"
"Ho oh."
Wis diiyani bapake, Tomin sing mau wis meh nangis langsung mesem. Arek lanang iku marani emake, adus.
"Adus, maem trus sepedaan yo, Mak?"