Mari wingi nggegeri sepeda, isuk iki Tomin ganti ribut njaluk iwak. Dudu iwak lawuh, ning iwak urip. Dudu ora nduwe, nang omah sing ancen ono kolam cilik wis akeh iwak. Ono nila, ono iwak cilik-cilik werno abang senengane Tomin.
"Guduk iku, Pak, sing buntute dowo."
Tomin ngrengik nang bapake.
"Kucing?"
"Iwak, iwak sing berenang."
"Lha kok buntute dowo?"
"Sing buntute ngene-ngene lho," omonge Tomin karo ngobah-ngobahno tangane, macak buntut iwak.
"Cupang ta?"
"Sing abang, biru, akeh..."
"Lha biyen nduwe mbok adu, malah podho mati ngko," saure Diman.
"Enggak. Ya, Pak?"
"Opo maneh?"
Saiki ganti Wiji sing takon. Wong wedok sing mau lagi nyapu omah melu metu krungu anak bojone ribut ae.
"Tumbas iwak ya, Mak?"
"Iwak pithik? Kae mau bengi onok iwak pithik, berkat."
"Guduk iwak pithik, iwak sing berenang," saure Tomin.
"Njaluk cupang," saure Diman.
"Halah, wingi nduwe yo podho mati ngunu. Gak mbok rumat."
"Enggak. Ngko nggak. Ya, Mak?" Tomin sik ngrayu emake.
Sakliyane sepeda, nang kampung lagi rame arek-arek ngingu iwak. Jenenge arek cilik, biasane sekolah kaet isuk nganti awan, kadang sore, trus saiki blas ora mlebu, diliburno, ono ae sing digoleki cek ora bosen. Iwak sing dipilih cupang. Masio cilik ning bentuk karo wernone apik-apik. Murah lan gampang ingon-ingone. Ning jenenge arek, kadang nyawang thok ora cukup. Iwak cupang diadu.
"Kae iwakmu nang mburi wis akeh. Lucu-lucu, lemu," omonge Wiji maneh.
"Emoh. Cupang, Mak," Tomin sik ngrengik.
Dadi wong tuwo ancen ora gampang. Ora tuku klambi, ora mangan, ora dolan mergo kahanan sik durung aman, duwit mepet, iso diempet. Ning lek wis musuh anake ngene iki sing kerep nggarai mumet. Dikandani durung paham, ora dikandani ora ngerti, ora belajar.
"Gak oleh didu lho," pesene Diman.
"Enggak, disayang."
"Yo gak usah diambungi sisan."
"Enggak, ditontok thok. Oleh ya, Mak?"
Wiji nyawang anake trus nang bojone. Iwak cupang regane murah, ning ora mung mergo regane. Ngajari arek cek ora sak karepe sing penting. Ora kabeh kudu diiyani. Ning ndelok raine Tomin sing ngarep, sopo sing tego. Wiji ambekan dowo.
"Oleh, Mak?" Tomin nakok maneh.
"Siji ae," saure Wiji.
"Asik!"
Tomin lunjak-lunjak saking senenge. Diman mung mesem ndelok anake. Wiji wis ngalih, mlebu omah, nerusno lek nyapu.
"Seneng?"
Tomin manthuk. Lagi akeh sing nggoleki, bakul iwak rame. Mulai arek cilik nganti wong-wong tuwek ngantri tuku iwak. Tomin sing budal karo bapake wis oleh siji, cupang werno biru.
"Apik yo, Pak, buntute?"
"Ho oh. Diopeni sing apik, ojo diubeki banyune."
"Enggak," saure Tomin karo mesam-mesem nyawangi cupange sing diadahi botol cilik.
Mari oleh cupang, Tomin langsung dolan nang omahe koncone, pamer. Diman sing lagi leren ora kerjo leyeh-leyeh nang teras omah.
"Wis oleh, Pak?"
"Uwis."
Wiji melu lungguh nang sandinge bojone.
"Pijeti, Mak."
"Lha lapo?"
"Upahe no. Mari ngeterno anakmu, nukokno cupang barang. Ijole no."
"Enakmen. Lha aku sing ngijoli sopo?"
"Lha awakmu ngetokno opo?"
Wiji meneng, ora langsung nyauri.
"Aku kesel umbah-umbah."
"Woo, lha aku yo kesel golek duwit."
"Yo wis podho kesele, gak usah pijet-pijet."
"Halah, diluk ae. Ngko tak upahi," rayune Diman.
"Opahi opo?"
"Onok lah, ngko bengi ae."
"Halah, males."
"Woo, temenan males?"
Wiji meneng ae.
"Tukokno wedak sik."
"Malah melu-melu Tomin. Lha iki ngko gak rokokan lho aku, poso."
"Gombal, mosok iso wong sampeyan ae."
"Tontoken ae ngko. Iku mau jatahe wis dingge anakmu..."
"Yo anakmu sisan."
Diman cengengesan. Bener, anake dheweke sisan.
"Kene lho, diluk ae. Lara awakku, mau bengi mbok bleki."
"Kapan? Alasan ae," Wiji ora trimo.
"Tak upahi, tak upahi ngko. Janji wis," omonge Diman.
"Opahi opo?" takone Wiji.
"Cupang hehehe...cupang sing gak iso berenang hehehe..."
"Lambene lak isok ae," saure Wiji karo mulai mijeti bojone, lambene bojone.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H