Wis omah-omah limang tahunan, Wiji karo Diman kerep dadi jujukan arek-arek enom sing kate rabi karo sing anyaran rabi. Ora mergo wis dianggep pengalaman, wong itungane yo sik rung suwi, anak sik siji. Dudu uga mergo dianggep anyar, sik eling jaman kate rabi. Iku ngunu mergo Wiji Diman ketok ayem, anteng.
"Milih nabung dingge tuku omah dhisik, opo resepsi sik, Mas?"
"Yo iku tergantung awakmu wong loro. Kesepakatane yok opo."
"Lek aku pingini dingge nyicil omah sik, Mas. Koyok sampeyan iku, enak wis nang omahe dhewe."
"Lho, aku biyen yo tahu ngekos."
"Mosok?"
"Iyo, setahunan."
"Ngekos yo gak popo sih, pokok gak bareng morotuwo. Males aku, Mas. Ngko kate mbangkong-mbangkong sungkan hahaha..."
Diman mesem. Sing ngene iki iso dipahami. Masio podo wong tuwone, ning ora gampang urip melu moro tuwo. Dudu wedi, ning sungkan mesti ono.
"Ning timbang ngekos ki yo eman. Lek dingge nyicil omah sisan kan mayan. Dila rung gelem, pingin resepsi. Lha saiki gedunge ae piro, gurung katering karo macake. Akeh."
Diman ora langsung nyauri. Bab ngene iki ora mung perkoro bener salah, ning yok opo omongan wong loro sing kate omah-omah, sing nglakoni.
"Sampeyan biyen resepsi, Mas?"
"Syukuran, yo podo ngundang uwong."
"Gak nang gedung kan?"
"Gak. Nang omahe Wiji ae."
"Nah, iku. Pinginku ngunu ae. Gak kesel, gak kakean duwit."
"Yo gak langsung dipadakno ngunu. Diomongno wong loro, enake karo karepe yok opo. Keluarga sisan kan ngko yo urun, seenggake rembugane."
"Iyo sih."
Deni, arek lanang sing kaet mau nongkrong nang nggon kerjoane Diman manthuk-manthuk. Rencanane Deni kate rabi karo Dila, konco kerjone sing dipacari kaet telung tahun kepungkur.
"Lha kapan iku acarane?" takone Diman.
"Besar, Mas."
"Nem sasian ngkas yo."
"Ho oh, makane iku mumet iki."
Diman mesem maneh. Bab cilik sing ora sepele. Wong rabi ora butuh cinta thok. Ngko mari rabi manggon nang ndi, resepsi opo ora, sing kerjo loro-lorone opo salah siji, kabeh kudu diomongno, disepakati.
"Lapo, Den? Calon manten kon ruwet raine hahaha..."
Arip sing kaet teko, saka tuku rokok, langsung melu ngomong.
"Rapat," saure Deni sak keneke.
"Rabi gak usah kakean dipikir, dilakoni ae."
"Rabi kok gak oleh dipikir, yo mesti mikir lah," saure Deni.
"Lek mbok pikir malah gak kedadean ngko, gak sido. Ruwet."
"Yo gak ngunu. Yo kudu dipikir ning ojo nemen-nemen cek gak stres," saure Diman.
"Mikir gak nemen ki yok opo, Mas? Mikir yo mesti nemen, trus mumet, trus stres. Sing bener yo gak usah dipikir blas, langsung dilakoni hahaha..." Arip nyauri maneh.
Deni meneng ae, ning arek lanang iku ketok ora setuju.
"Ki, rokokan sik," omonge Arip maneh karo ngelungno rokok.
Ora mikir, ora mumet, ning yo pancet buyar. Arif jelas ora iso didadekno conto. Masio ancen ketoke seneng terus, ning Deni yo ora pingin koyo Arif. Wong lanang iku wis pisah karo bojone. Wis ora rahasia maneh lek Arif yo kerep ganti gandengan. Deni wis ngroso cocok karo Dila, areke ayu, pinter, kenal apik yoan.
Ora salah lek Dila pingin resepsi. Kerjo kantoran, konco akeh. Durung konco sekolah, kuliah, konco-koncone bapak ibuke. Ning lek eling biayane sing ora sithik, Deni yo eman-eman. Biaya resepsi iso dingge nyicil omah. Lek gelem golek rodo njero malah lumayan, nyicilo ora kesuwen.
"Sing penting ojo mung dibatin. Setuju gak setuju diomongno, digoleki dalan tengahe."
Diman sing mau meneng, melu ngomong. Dheweke yo ora setuju pikirane Arif. Nang omah, Diman karo Wiji wis biasa ngomong opo ae. Apik elek diomongno cek ora ngganjel. Meneng ae yo ora nggarai masalahe mari. Ora tukaran dudu berarti rumah tanggane apik ae, ora ono masalah. Kadang ono wong sing ancen ora seneng gembrah, sukur iya iyo ning ngempet. Pisan pindo ora diroso, suwi-suwi yo pancet ora trimo.
"Sing penting rabi dhisik. Resepsi lek ancen pingine Dila karo keluargane ngunu yo resepsi ae. Kan wong wedok sing nanggung resepsi," omonge Arif maneh.
"Yo gak iso ngunu, Mas. Lha mosok kene gak ewang-ewang. Isin."
"Lha lapo isin? Ngko mari rabi kan yo awakmu sing ngopeni bojomu. Nukokno omah, mobil. Resepsi yo cek keluarga wedok sing nanggung."
Ora oleh pencerahan, Deni akhire meneng. Arek lanang iku nyandak rokok. Diman mung nyawang diluk trus balik nerusno garapane.
"Pak, nyuwun duwit."
Tomin moro-moro mecunggul nang nggon kerjoan. Arek lanang cilik iku ora mudun, pancet nang nduwur sepedae.
"Woh, anyar e sepedae," omonge Deni ndelok Tomin parkir nang ngarep, ngoleki bapake.
"Ho oh no. Pak e!"
Tomin mbengok maneh. Diman sing diceluk ngadeg, nginguk anake.
"Dingge opo?"
"Tumbas jajan."
"Mak e nang ndi?"
"Lungo."
Diman ngrogoh sak e, ngetokno duwit sewu trus dilungno anake.
"Mak e golek bapak maneh?" takone Arif ngguyoni Tomin.
"Gak. Golek sate," saure Tomin karo mancal sepedae, ngalih.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H