Lek wis ngunu akhire metu omongan sing ora-ora. Wong nang omah wis biasa krungu. Tonggo-tonggo paling mung nginguk diluk. Lik Mah wis kerep dikandani, ojo ngomeli anak nganti nyumpahi. Jenenge arek dikandani apik-apik.
"Tontoken kae jam piro?"
Sak durunge ngalih, Lik Mah nerusno lek ngomeli anake. Masio sekolah soko omah, jam pitu anake kudu wis mulai absen.
"Yo sik."
Urip nang kampung, omah podho mepet, lek ora ngati-ngati omongan nang njero omah mesti tekan tonggo. Ning lek koyo Dewi karo emake iki wis sego jangan ben dino. Tonggone wis apal.
"Lek gatel kan iso diobati ya, Mak?"
Tomin sing isuk iki mau melu krungu Lik Mah nyeneni Dewi mergo sepedaan mulih-mulih nakok nang emake.
"Yo iso. Apane sing gatel?" takone Wiji sing lagi nyambel.
"Embuh. Mbak Dewi kae gatel."
"Mbak Dewi sopo?" takone Wiji.
"Mbak Dewi Lik Mah," saure Tomin karo sepedaan ngubengi pawon.