"Koen lek gak kenek dikandani kate dadi opo, heh?"
Sing dijak omong meneng ae, ora nyauri.
"Gak isin ta awakmu dadi omongan uwong? Arek wedok kok gatel."
Sewengi wis ngomeli anake, isuk iki Lik Mah sing nerusno lek ngomel. Wong wedok iku mangkel ndelok anake sing sik mlungker turu. Dewi, anake, dudu ora krungu ning arek wedok iku milih nutup kupinge sak raine atek bantal. Sik ngantuk, males diomeli emake.
"Tangi!"
Mangkel anake ora tangi-tangi, Lik Mah mbengok maneh.
"Gak kemeng ta bengak-bengok?"
Dewi sing wis gedhek karo emake akhire nyauri.
"Lek dikandani wong tuwek mesti nyauri."
Ora disauri salah, disauri salah. Anak emak sing wis ora iso akur iku akhire mung bales-balesan omongan sing ora enak.
"Titenono mene, kurang ajar karo emake, kate dadi opo awakmu!"