"Emoh nang kene, Mak. Ayo mulih."
Tomin sing mari mutah, awake sik panas, ngejak mulih.
"Yo sik, nunggu Pak Dokter."
"Uwis."
"Kene, gendong Pak e," omonge Diman nang anake.
Lek biasane geleman karo sopo ae, bapak emake, saiki Tomin ora gelem ngalih soko gendongane emake. Mari dites darah kudu nunggu hasile.
"Mulih."
Lek mau Tomin meneng ae, saiki arek lanang iku mulai nggroweng. Tomin ora betah. Howo panas Puskesmas, anget sisan awake.
"Pak, aku tak mulih sampeyan ngenteni tes e ya?"
"Lha opo wis oleh? Ngko lek kon ngamar barang."
"Iku mau kan gak diomongi, mung kon nunggu hasile tes."
"Yo sik tak takokno."
Diman marani suster sing jogo. Tomin oleh mulih. Akhire Wiji mulih karo anake mulih numpak becak. Diman ngenteni hasil tes anake. Nang omah Tomin diombe obat soko dokter. Wiji bolak-balik nawani anake maem ning arek lanang iku sik rung patio gelem. Paling sak sendok rong sendok.
"Panase gak mudun ki, Pak?"
"Yo mene nang Puskesmas maneh," omonge Diman.
"Moro demam berdarah, Pak."
"Wingi tes e gak ngunu lho."
"Lha kan wingi. Iki panase gak mudun ngene lho. Wedi aku."
"Wis mbok kei jus jambu?"
"Uwis. Gak gelem ngentekno areke."
"Jam piro iki?"
"Wolu."
"Jajal mene dienteni, lek gak ilang panase prikso maneh."
Wiji manthuk. Anake wis turu saiki, ning bathuke sik panas. Tomin sing biasane lincah, nggemesno ketok kuyu.
"Mak e huhuhu..."
Isuk-isuk Tomin nangis. Arek lanang iku sik durung penak awake. Wiji sing lagek nang pawon langsung mlayu marani anake nang kamar.
"Duh, kok sik panas ngene."
"Ayo, nang Puskesmas maneh."
"Emoh," saure Tomin.
Masio anake ora gelem, Wiji karo Diman budal nang Puskesmas. Jam pitu Puskesmas wis rame wong antri prikso. Wiji lungguh nggendong anake. Diman ngantri nang loket.
"Bu, ini nanti dites lagi ya," omonge dokter.
Wiji karo Diman manthuk.
"Ini harus ngamar," omonge doktere maneh.
Lek wingi oleh mulih, isuk iki Tomin kudu ngamar. Karo ngenteni hasil tes e, Diman ndaftarno anake kamar inap. Masio mung Puskesmas, nang kene ono rawat inape. Kamare ora akeh, ning dingge pasien-pasien sing ora patio parah lan iso ditangani Puskesmas.
"Mulih, Mak."
"Yo gak oleh, nang kene sik."
"Sakit opo, Mbak?"
Sak kamar ono wong kasur, sisihan. Tomin turu ditunggoni emake. Diman mulih njupuk klambi karo keperluan liyane.
"DB, Mbak," saure Wiji.
'Woalah podho. Niki anak kulo nggih DB."
"Kelas pinten, Mbak?" takone Wiji.
"Tigo."
"Wingi nggih sampun mriki, tapi sik panas."
"Ancen usum, Mbak. Iki anak kulo yo ketularan koncone theng sekolahan."
Wiji manthuk-manthuk. Wong wedok iku mijeti sikile anake. Bengi Wiji karo Diman nunggoni anake.
"Sampeyan gak mulih, Pak?"
"Gak, nang kene ae."
"Gak popo, kene gak onok nggon. Turu omah ae, mene isuk rene maneh."
"Ngko lek Tomin tangi trus rewel?"
"Yo tak gendonge," saure Wiji.
Diman ora nyauri. Wong lanang iku ora tego ninggal anak bojone. Kamar sebelah wis anteng, sing lara karo sing nunggu wis turu.
"Pak, onok duite?"
"Heh?"
"Dingge mbayar iki."
"Onok."
Wiji nyawang bojone. Sing disawang epok-epok ora ngerti.
"Temenan?"
"Iyo, onok-onok. Wis ta lah, gak usah dipikir. Awakmu turu kene dhewe gak popo?"
"Iku lho onok koncone. Gak popo, ngge mlungker karo Tomin. Sampeyan mulih ae, ngko malah melu lara."
Pamit karo bojone, Diman akhire mulih. Ora langsung balik nang omahe, Diman mampir nang omahe koncone.
"Sepurane lho, Har," omonge Diman.
"Halah, sante ae, Man. Koyok karo sopo ae."
"Minggu ngarep tak balekno. Mugo-mugo Tomin ndang waras trus oleh mulih."
"Iyo, gak usah kesusu."
"Suwun temenan iki aku."
"Ho oh, podho-podho."
Mari soko omahe Hartono, Diman balik nang omahe. Wong lanang iku budal turu.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H