"Ojo diteleh kunu."
Diman sik ae kaet kate ndekek anduk nang nduwur kasur, bojone wis bengok. Wong lanang iku ngangkat tangane maneh. Anduk sing dicekel disampirno nang pundake.
"Iku mari tak umbah wingi, ganti liyane."
Njupuk klambi, Diman sik dibengoki bojone.
"Iki ae," saure Diman.
"Ganti. Koyok gak onok klambi liyo ae. Ngko ndarani tonggo aku gak ngurus bojo," Wiji sik ngomel.
Diman ndeleh kaos sing kate digeret soko lemari. Matane nyawang tumpukan klambi nang lemari.
"Kuncine."
Nyedeki montor, durung Diman numpak, wong lanang iku dielingno bojone lek duurng njupuk kunci. Diman mbalik mlebu omah, njupuk kunci sepeda montore.
"Dompete wis digowo gurung?"
"Eh iyo," saure Diman cengengesan.
Wiji ngelungno dompete bojone.
"HP-ne?"
"Uwis," saure Diman karo mangkring nang sepeda montor.
"Lek HP ae gak tahu lali. Wedi lek pacare konangan?"
Diman ora nyauri. Wong lanang iku ngukuri gundule.
"Budal sik," pamite Diman nang bojone.
Nang omah lek ora krungu suwarane Wiji ngomel rasane ono sing kurang. Dudu ora ono sebab. Bojone ancen lalian, wong biyen ngomonge danglingan. Kunci montor, dompet, klambi, karo peraturan nang omah sing diterapno Wiji dingge njogo ketertiban lan kebersihan omah kerep dilanggar Diman mergo lali.
Wiji wis ngalah-ngalahi pulisi sing langsung nyemprit plus nyemprot lek bojone lali aturan ketertiban omah. Anduk teles ora oleh diteleh nduwur kasur, kudu langsung dipepe nang jemuran utowo dihanger. Ora oleh ndeleh pirang, gleas reget nang korahan, mari digawe kabeh kudu langsung dikorahi. Akeh.
Lek dipikir kadang opo mergo ben dina dibengoki, dielingno nggarai Diman malah ora perhatian. Sing mbengoki masio kaang yo mangkel, kesel, yo pancet ngunu terus ben dina.
"Lawange wis dikunci, Pak?"
Bengi wayahe merem Wiji ngelingno bojone. Diman sing kaet kate mlompat nang kasur, mbalik metu soko kamar, ngunci lawang.
"Montore wis dilebokno?"
"Lah, iyo," Diman mbalik maneh.
Wiji mung iso gedheg-gedheg. Ngunci lawang omah lali, bareng wis dikunci kok sepeda montore ora dilebokno sisan, sik nang njobo.
"Ngombe kombantrin ta, Pak? Lalenmu kok selot nemen," omonge Wiji nang bojone.
"Lha kombantrin ki obat opo?"
"Yo be'e mergo kegeden cacinge, ngarai sampeyan lalian," saure Wiji.
Wis ngantuk, akhire lanang wedok iku merem nututi anake sing wis merem dhisikan.
"Iki opo, Pak?"
"Yo dibukak."
Wiji nyawangi kresek ireng nang tangane. Sore mulih kerjo bojone nggowo kresek. Ora muni opo-opo langsung dilungno nang bojone.
"Daster ta iki?" takone Wiji.
Diman manthuk.
"Dingge aku?"
Diman manthuk maneh. Wong lanang iku mesem ndelok bojone seneng nompo hadiahe.
"Seneng gak?" takone Diman nang bojone.
"Yo seneng," saure Wiji karo nyembreng daster hadiah soko bojone.
"Suwun, Pak. Kok sampeyan ngerti senenganku. Iki apik, alus sisan. Adem lek dingge turu," omonge Wiji karo mesam-mesem.
"Yo ngerti. Hadiah ulang tahun iku," omonge Diman.
Wiji sing mau mesem langsung meneng. Wong wedok iku nyawang bojone. Sing disawang mung cengengesan, isin. Masio wis bebojoan rodo suwi, Diman sik kerep isin lek disawang bojone.
"Ulang tahune sopo?" takone Wiji.
"Yo ulang tahunmu, wong iku kadomu kok," saure Diman isin-isin.
Jenenge Diman ancen jarang romantis. Dudu ora pingin, ning dheweke dhewe sok isin, bingung carane.
"Ulang tahunku sasi wingi," omonge Wiji.
"Heh?" Diman kaget.
Wiji meneng.
"Mosok? Gak sasi iki ta?" takone Diman.
Untung ditukokno daster, apik sisan. Wiji sing rodo mangkel mergo bojone lali ulang tahune ora ngomel. Wong wedok iku mlebu kamar, njajal daster. Diman sing ditinggal mung ngukuri gundule.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H