Wiji ngelungno dompete bojone.
"HP-ne?"
"Uwis," saure Diman karo mangkring nang sepeda montor.
"Lek HP ae gak tahu lali. Wedi lek pacare konangan?"
Diman ora nyauri. Wong lanang iku ngukuri gundule.
"Budal sik," pamite Diman nang bojone.
Nang omah lek ora krungu suwarane Wiji ngomel rasane ono sing kurang. Dudu ora ono sebab. Bojone ancen lalian, wong biyen ngomonge danglingan. Kunci montor, dompet, klambi, karo peraturan nang omah sing diterapno Wiji dingge njogo ketertiban lan kebersihan omah kerep dilanggar Diman mergo lali.
Wiji wis ngalah-ngalahi pulisi sing langsung nyemprit plus nyemprot lek bojone lali aturan ketertiban omah. Anduk teles ora oleh diteleh nduwur kasur, kudu langsung dipepe nang jemuran utowo dihanger. Ora oleh ndeleh pirang, gleas reget nang korahan, mari digawe kabeh kudu langsung dikorahi. Akeh.
Lek dipikir kadang opo mergo ben dina dibengoki, dielingno nggarai Diman malah ora perhatian. Sing mbengoki masio kaang yo mangkel, kesel, yo pancet ngunu terus ben dina.
"Lawange wis dikunci, Pak?"
Bengi wayahe merem Wiji ngelingno bojone. Diman sing kaet kate mlompat nang kasur, mbalik metu soko kamar, ngunci lawang.