"Gaweo pecel, Mak."
"Repot, suwi gawene."
"Garek nggodok ae opo sing repot?"
"Sayure la'an, lha sambele?"
Bengi wayahe turu Diman njaluk mene dimasakno pecel. Wiji sing wis ngantuk, males repot rodo banter lek nyauri bojone.
"Sambele wis onok. Iku mau dikirim Lik Rah, aku lali omong. Ndok mejo pawon."
Males nyauri, kalah karo ngantuk, Wiji meneng ae. Wong wedok iku langsung merem. Anake lanang yo wis nglipus lek turu.
"Sumuk."
Diman sing kate nyusul merem bojone lagek ae ndeleh tangane nang pinggule bojone wis dibengoki maneh.
"Sumuk yo dicopot klambine," saure Diman.
Ora nyauri, Wiji mung nggeser awake. Wong wedok sing wis kekeselen iku nggegeri bojone.
"Mak, ngicing."
Tomin sing lagek tangi moro nang emake sing lagi masak.
"Ngising kono, mak e sik repot iki."
"Ngicing, Mak."
Lagi rewel, Tomin sing biasane gelem nang WC ndewe njaluk dikancani. Gelem ora gelem Wiji ngancani anake. Bojone durung ketok, ora krungu suwarane.
"Ojo dolenan banyu, gek ndang."
"Adus sisan ya."
Kadung teles ngising karo dolanan banyu, Tomin diadusi sisan karo emake. Mari ngadusi anake, Wiji nggendong Tomin nang kamar, kate diklambeni. Bojone sing kaet tangi ngolet-ngolet karo angop.
"Wis mateng, Mak."
"Mateng opo, iki anake gak onok sing nyekel."
Kebelet nguyuh, Diman ninggal bojone sing lagek umek macaki anake.
"Maem sik."
"Nto."
"Saiki."
"Ndok Mbah."
Tomin sing wingi dijanjeni embahe kate dijak dolan ora gelem dikon mangan. Arek lanang iku mlayu nang omahe embahe sing mung kacek pirang omah saka omahe.
"Ati-ati," bengoke nang anake.
Diman sing mari nguyuh wis lungguh nang mejo makan. Wong lanang iku lagi ngenakno ngrokok.
"Kopiku endi, Mak."
"Yo sik."
Koyok sing dipingini bojone, isuk iki Wiji masak pecel. Nggodok sayur sih asline, wong sambel pecel garek nambahi banyu panas, ora gawe dewe. Sawi, capar digodok. Lawuhe tempe goreng karo ndog goreng dingge anake. Krupuk lek nggoreng dewe yo wis ono.
"Sawine londot ngene," protese Diman.
"Yo iku mau anakmu njaluk dikancani ngising, kesuwen lek nggodok."
"Tempe kok iso kecut ngene, tempe bosok ta iki?"
Ora mung protes sawi sing kemblondoten lek nggodok, tempe gorenge jare Diman yo ora enak. Wiji sing masakane diprotes langsung moro nyedek, njupuk tempe siji trus diemplok.
"Gak popo ngene lho. Iki lho tempe anyar, lekku tuku mau isuk."
"Gak popo yok opo, jajalen sing iki," omonge Diman karo ngelungno tempe sing wis dicakot.
"Gak enak yo dibuwak, lapo mbok kon mangan aku," Wiji wis mulai mangkel.
Lagi pingin mangan pecel, Diman rodo gelo opo sing dicepakno bojone ora sesuai pingine.
"Lek gak doyan yo gak usah dipangan, ngko tak pangane dewe. Tuku pecel kono," omonge Wiji ndelok rupane bojone sing ora enak.
Diman krungu omongane bojone langsung ndeleh tempene. Wong lanang iku mung nyawang bojone sing mrengut karo ngalih nang mburi. Mangkel karo bojone, Wiji milih ngalih nerusno lek umbah-umbah. Mari umbah-umbah wong wedok iku ndelok mejo makan. Piring gelas wis resik, ora ono nang nduwur mejo. Ora koyo biasane, lek bojone mari mangan piring gelas reged mesti sing nang duwur mejo. Tempe karo sayur yo wis kalong separo.
"Budal sik ya."
Diman sing tibake wis adus pamit kate budal kerjo. Sing dipamiti sik mangkel ora nyauri.
"Sik lara atine?"
"Embuh."
"Hehehe...ojo mrengut ae, meteng maneh embuh ngko."
Mari nggawe mangkel isuk-isuk trus cengengesan trimo ditinggal ngalih karo Wiji timbang selot mangkel atine.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H