"Emoh."
Jarang diladeni bapake, Tomin ora gelem digorengno endog bapake. Arek lanang iku njaluk emake sing masakno.
"Tumbas jajan ndok pasar? Tumbas iwak pithik?"
Diman sing ora pingin ngganggu bojone ngrayu anake. Krungu iwak pithik, Tomin langsung mesem. Arek lanang iku gelem.
"Mandi ya, mosok kecut ngene ndok pasar. Isin."
Sisan mumpung rayuane kenek, Diman ngejak anake adus. Bojone sing sik nang kamar dijarno ae. Nang pasar Diman nukokno lawuh anake. Wong lanang iku sisan tuku sego pecel bungkus dingge dheweke karo bojone.
Mari ngladeni anake, Diman nginguk bojone sing durung ngalih saka kamar. Tomin sing wis wareg, wis ganteng, mlayu dolan karo kancane, tonggo sebelah.
"Syarat ko dukun ta?"
Diman nyedeki bojone maneh. Sing ditakoni ora turu, ning merem.
"Yo apik sih. Timbang mangan kembang, nguntal boto, ngene luwih apik. Sehat yoan. Akeh turu ki apik, gak ngentek-ngenteki panganan. Jajal ngene terus onok seminggu ngunu beras utuh."
Wiji mbenakno lek turu. Wong wedok iku narik kemule, mlungker maneh.