Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Renang

26 Oktober 2020   08:16 Diperbarui: 26 Oktober 2020   08:27 275
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, ayo renang."

Diman nyawang bojone. Isuk, lagi enak-enak ngopi bojone moro ngajak renang.

"Renang opo, wong mesti mendelep ngunu."

"Makane ajarono."

"Arek cilik diajari, lha lek wis sak podo awakmu yo angel."

"Ngomong ae gak gelem ngajari."

Wiji mecucu. Wong wedok sing mau ketok sumringah iku langsung mbetutut lambene. Ora mung mecucu, Wiji mbalik mlebu nang njero omah. Bojone sing lagi nang emper ditinggal. Ora let suwi, Tomin metu. Arek lanang iku nyedeki bapake.

"Pak, ayo lenang."

"Wis adus ngunu lho."

"Gak adus, lenang."

"Lha iyo, renang kan ngko teles. Lha iki wis wangi ngene."

"Ayo lenang!"

Ora trimo saurane bapake, Tomin ngamuk. Arek cilik iku kroncalan digondeli bapake.

"Renang nang mburi ae ya?"

"Emoh."

Mburi omahe Diman ono kolam iwak. Masio ora patio ombo ning lumayan lek dicemplungi iwak karo anake.

"Nang bak? Karo dolenan kapal-kapalan?"

"Emoh. Renang kono."

"Isuk-isuk renang ngko masuk angin."

Asline ngunu Diman wis dong, anake njaluk renang mesti mergo diujuki bojone. Wingi Diman sempet krungu bojone omong-omongan karo tanggane, janjian pingin njajal kolam renang anyar sing ora adoh saka kampunge.

"Lenang!"

Tomin mbengok maneh. Lek wis ngene angel ngerih-ngerihi. Batine Diman, bojone mesti seneng. Temenan. Pas Diman nggendong anake mlebu, Diman ndelok bojone mesem. Masio ta ndelik-ndelik.

"Tomin ae sing renang."

"Aku melok."

"Iku ngge arek-arek. Awakmu melu nyemplung langsung sat banyune."

"Gak yo, dingge wong gede barang. Aku melok pokoke."

"Nduwe klambi renang ta?"

"Enggak. Atek clono ae."

"Gak oleh. Renang nang kolam renang yo kuud atek baju renang."

"Ngko nyewo ndok kono."

Diman ambekan dowo.

"Melok tapi gak nyemplung, ngisin-ngisine lek klelep."

Masio ora trimo ning akhire Wiji milih manthuk. Penting bojone wis gelem dijak renang. Ngko gampang nang kono, pikir keri. Lek mau Wiji sing mecucu, saiki ganti Diman. Ora mergo kudu ngetokno duit dingge nang kolam renang. Ora mergo males ngajari renang anake, ning Diman ora seneng lek bojone melu renang.

Nang kolam renang wis rame. Arek cilik, remaja sak wong tuwek yo akeh. Jenenge nggon anyar, sik apik, sik nggarai penasaran, dadi rame. Kolam renange ono loro. Sing siji dingge arek cilik-cilik, cethek. Sing siji dingge arek gede, sak meteran jerune. Wiji, Diman karo Tomin moro nang kolam dingge arek cilik.

"Lek pipis ngomong," omonge Wiji nang anake.

Tomin manthuk.

"Kancanono yo, Pak."

"Koen kate nang ndi?"

Wiji mesem.

"Woo, klelep embuh ngko."

"Gak, mung sak meteran iku."

"Kandani kok."

"Halah, iku akeh uwong ngunu."

"Yo akeh tapi iso renang. Koen lho gurung iso, malah ngrepoti uwong ngko."

Wiji mecucu. Wong wedok iku embuh opo'o moro pingin iso renang. Ndelok bojone mecucu, Diman sing gregeten rodo ora tego.

"Kunu, karo Tomin ae. Iki cethek, gak bakal klelep."

"Yo isin."

"Isin ndi karo lek klelep?"

Wiji selot mecucu lambene. Koyok arek cilik sing pingin tapi ora diolehi, Wiji mung ngadek karo mangkel.

"Yo mene lek anake wis onok sing nggondeli tak ajari. Saiki ciblon kunu ae."

Ora mung Wiji wong gede sing nang kolam anak-anak, ning wong wedok iku ancen niate pingin iso renang, dadi dikongkon ciblon nang kolam anak-anak yo ora seneng.

"Nggowo salin gak?"

Wiji manthuk.

"Sing nggenah klambine. Ojo mung ondrokan thok."

"Gak, atek clono karo kaos."

Jenenge kolam renang nang kampung, sing moro yo macem-macem. Lek arek cilik ngunu cukup sempakan thok, lha sing aneh-aneh malah sing gede. Wis ngerti renang mesti teles kok mung nggawe kaos singlet putih karo onderok sing jelas-jelas tipis dan temrawang. Ngunu iku sing ora disenengi Diman. Wong lanang iku ora pingin bojone melu-melu koyok ngunu.

"Mak, lene."

Tomin nyeluki emake. Arek lanang iku kesenengen. Ndelok anake marem, Wiji sing mau mecucu ae mulai iso mesem.

"Mene tak gawekno kolam dewe," omonge Diman.

"Kolam lele," saure Wiji.

"Yo gak popo tho. Eman lek mung dingge renang thok, sisan dingge ngingu iwak, iso dingge lawuh."

Wiji mung nyebek. Wong wedok iku ora melu ciblon, mung lungguhan nang pinggir kolam karo ndeloki anake. Diman sing mau ngomel ae suwi-suwi meneng, masio rodo mesakno bojone.

"Gak iso renang lho gak popo," omonge nang bojone, "pancet tak sayang."

"Embuh."

Sing dirayu sik mangkel ning meneng ae pas dijawil pipine.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun