Rasane tas ransel sing digendong Wiji pingin disamplukno nang tanggane iku, ning arek wedok iku pisan maneh mung meneng. Jaman durung rabi karo Diman, mari lulus sekolah Wiji kerjo nang kutho. Arek wedok iku mulih kadang sesasi pisan, kadang lek pingin yo rong minggu pisan.
"Lha lapo iku lambene koyok ngunu?"
Emake Wiji sing ndelok anake teko-teko mecucu langsung komentar.
"Luwe," saure bojone.
"Kebiasaan. Kae wis tak masakne senenganmu. Adus-adus sik kono."
Sik aras-arasen adus, atine mbedodok, Wiji langsung moro nang mejo makan. Arek wedok iku nyandak piring.
"Alon-alon. Koyok wong gak tau mangan ae. Nang kosan gak nduwe panganan ta?"
Bapake Wiji sing mari nglebokno montor melu lungguh. Wong lanang iku mung mesem ndelok anake mangan.
"Jarno ae ta. Nang kutho lak gak seenak masakane emake."
"Ning lek mangan yo sik apik. Dimamah. Iki mangan langsung diuntal ae."
Ora ngurus diomeli emake, Wiji ngenakno lek mangan. Arek wedok iku wis apal omelane emake. Emake yo wis apal cara mangane, dadi diomeli ngunu iku yo wis sego jangan.