Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Prahara

23 Oktober 2020   11:40 Diperbarui: 23 Oktober 2020   11:58 176
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Yo aku ki kesel, Mas. Kaet mulih kerjo wis mbok jak gelut."

"Mbok pikir aku gak kesel? Mbok pikir aku ndok omah ki meneng ae ngunu ta?"

Dini mbanting tas e nang nduwur kasur. Wong wedok umur rong puluhan iku lungguh pinggir kasur. Bojone sing umure ora bedo adoh iku ngadeg nang ngarepe.

"Kaet kerjo ae wes sombong. Rumongso kuasa, gak ngajeni bojo."

"Yo lek njaluk diajeni yo kerjo o, golek duwit, ngopeni anak bojo gak mung rono-rene nggendong doro."

Jenenge rumah tangga, kate sik anyar opo lawas yo mesti ono cobaane. Dini, adik sepupune Diman, sing durung ono rong taun rabi karo Ari, pacare. Wong loro iku wis nduwe anak siji, umur sangang sasi. Dini karo Ari konco sekolah, pacaran kaet kelas telu SMA. Lulus setaun trus rabi. Ari sing awale kerjo nang supermarket wis me setaun ora kerjo mergo kecelakaan pas budal kerjo. Sikile puklek. Patang sasi Ari ora iso mlaku jejeg. Patang sasi ora kerjo, Ari malah keterusan  masio sikile wis mari. Dini sing isin njaluki duwit wong tuwane akhire rong sasi wingi mulai njajal golek kerjoan.

Anak wedoke wis umur pitung sasi, wis iso disapih. Dasare luwes, ayu sisan, Dini gampang golek kerjoan. Dini dijak koncone kerjo dadi SPG kosmetik nang mal. Ben dino budal kerjo, anake nang omah dititipno moro tuwane. Ari kaet ora kerjo nduwe hobi anyar, adu doro. Wong lanang iku saben dino yo metu karo konco-koncone.

"Aku wis kesel, Mas. Lara atiku."

Sore iki Dini dolan nang omahe Diman, curhat. Diman nyawang adik sepupune iku, pipine abang. Dini sing lungguh nang ngarepe wis ora iso ngempet luh, nangis.

"Diombe sik, Dek," omonge Wiji nang adik ipene iku.

"Wis gak gelem kerjo, malah saiki main tangan, Mas. Lara nang pipi iki gak onok apa-apane timbang lara ndok atiku, Mas."

Wiji melu lungguh, nyanding Dini, ning wong wedok iku ora melu ngomong.

"Aku pingin cerai ae, Mas."

"Yo sabar sik," omonge Diman.

"Sabar yok opo maneh, Mas? Mulih kerjo kesel-kesel mesti dijak gelut. Ari ki cemburuan. Lha aku ki kerjo cek anake iso ngombe susu, cek de'e iso mangan. Opo gak isin njaluk Emak terus, njaluk moro tuwo."

Wiji ngelungno tisu dingge Dini. Podo wedoke, ngerti rasane.

"Dijak ngobrol ning ojo pas podo kesele. Jajal golek wektu sing tepak."

"Karo Ari saiki gak iso ngomong apik, Mas, kabeh salah. Ngomong opo ae nangkepe mesti negatif. Pingin diajeni tapi kelakuane koyok ngunu."

"Yo njajal kapan-kapan tak omong karo Ari, ning ki perkoro rumah tangga. Masio aku Masmu, aku wong njobo."

Mari kesel lek nangis, lego wis iso curhat, Dini pamit mulih. Nang omah bojone ora ketok. Anake sing mau dititipno moro tuwane dijupuk. Bayi wedok iku wis angkler lek turu.

"Koyok ngunu kelakuanmu saiki? Gak eling lek nduwe bojo, heh?"

"Sabar, Mas."

"Gak usah melu-melu koen. Koen ngerti aku sopo? Aku bojone Dini. Gendakanmu iki sik nduwe bojo!"

Mulih kerjo kebengen, Dini ora oleh angkot. Wong wedok iku dibarengi konco kerjone, Danang. Ndilalah pas mandeg ngarep omah bojone kaet teko. Ndelok Dini dibonceng wong lanang sing ora dikenal, Ari langsung ngamuk.

"Iki koncoku, Mas, konco kerjo."

"Gak usah kakean alasan. Saiki wis wani nggowo lanangan, wis gak nduwe isin maneh, gak wedi karo bojo?"

Rame-rame nang ngarep omah, bapak emake Ari metu, tonggo-tonggo yo podo melu nginguk. Ndelok Ari emosi, tonggo sing lanang ngewangi nenangno. Danang akhire dikon mulih. Dini sing isin, lara ati, mung iso nangis. Bengi iku Dini ngadahi klambine, lungo.

"Minggat-minggato ning anakku ojo digowo. Gak sudi aku nduwe bojo koyok koen!"

Dini sing mau wis nggendong anake karo ngembol tas akhire rebutan anak. Bayi sing mau wis turu karo embahe iku langsung tangi, nangis. Kalah karo bojone sing kalap, akhire Dini trimo ngalah anake dicekel bojone. Sesuk-sesuk dibaleni maneh pikire. Sing penting dheweke wis ora nang omah iku maneh. Dini mlayu karo nangis.

"Dasar lonte!"

Ari sing dicekeli tonggone sik ae mbengok.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun