Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cerpen: Ijol

22 Oktober 2020   12:05 Diperbarui: 22 Oktober 2020   12:07 340
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, kancani nang Pengampon."

"Lapo?"

"Golek wedak."

"Gak kurang adoh?"

"Halah, nang kono luwih murah."

"Luwih murah lek adoh yo podo ae."

Males krungu saurane bojone, Wiji sing mau seneng langsung mrengut. Wong wedok iku ngalih karo mbedodok atine.

"Nesu, ngunu ae nesu," omonge Diman ndelok bojone ngalih.

Ora nyauri, Wiji bablas mlebu kamar. Wong wedok iku gelo atine. Njaluk tulung lek ora diiyani malah atek diceramahi nggari atine lara.

"Ayo."

Diman sing marani bojone nang kamar nyeluk karo ngadeg nang tengah lawang kamar. Sing diceluk meneng ae, kadung ceklek atine. Diman ambekan rodo dowo, wong lanang iku nyedeki bojone.

"Sido gak? Tak tinggal turu lho ngko."

Ora nyauri, ora nyawang bojone, Wiji malah nyandak seprei, dicopoti.

"Lah, ngunu ae kate kendat. Ojo nggawe seprei."

Wiji sik meneng ae. Seprei, sarung bantal karo guling dicopoti kabeh.

"Hahaha, iyo aku salah. Sepurane. Ngunu ae nesu. Ayo gek ndang, tak terno."

Wis kadung mangkel, isin lek diiyani, Wiji sik ae umek lek ringkes-ringkes. Kaet ae kate ngalih karo nggowo seprei, tangane digondeli bojone.

"Ojo koyok arek cilik, ngunu ae nesu."

"Bahno."

Sing jenenge Wiji masio tukang ngomel ning jarang nesu temenan. Mung lek kadung ora penak atine, wis kadung mangkel, yo ora gelem mbalik, kudu diterusno. Koyo iki mau. Wis kadung kenek atine, masio dirayu yo ora mempan. Wong wedok iku budal nang mburi, umbah-umbah. Seprei sing sakjane durung wayahe ganti dikumbahi.

Diman dudu ora ngerti modele bojone, ning yo wis kadung. Jawane ngunu yo mung ngandani, ning sing dikandani lagi ora enak atine. Kaet wingi-wingi Wiji pingin tuku wedak nang Pengampon, mesisan golek liyane. Polahe nang kono tunggale akeh, dadi luwih murah. Wong wedok sing kebutuhane dandan luwih akeh timbang wong lanang paling seneng lek kon nang nggon koyok Pengampon. Ndeloki lipen warna-warni, lulur, sabun, minyak wangi, rasane nggarai marem, masio yo ora kabeh iso dituku.

"Awak," omonge Diman lirih.

Lek wis kadung nesu ngko lek diterusno malah nangis, Diman milih gletakan. Wong lanang iku ngenteni atine bojone ayem dhisik. Dheweke dudu ora gemes, ning timbang malah dadi perkoro mending ditinggal merem diluk cek podo ayeme.

Jam rolas kurang sepuluh menit Diman nglilir. Wong lanang iku tingak-tinguk. Bojone ora ono nang kamar. Anake lanang yo ora ono suwarane. Mari lungguh sediluk, ngumpulno nyawane, Diman ngoleki anak bojone. Sepi, ora ono uwong nang omah. Ndelok jam, Diman kaet sadar lek dheweke turu lumayan suwi. Rong jam-an. Libur kerjo ancen enak dingge turu. Seprei sing mau diringkesi bojone wis dipepe.

"Sandale gak onok," omonge Diman karo awake dhewe.

Lagi mbingungi nggoleki bojone, moro-moro emake teko.

"Telo goreng," omonge emake karo ngelungno piring isi telo goreng anget.

"Tomin nang omahe sampeyan, Mak?"

"Iyo, kae karo Rendi dolenan."

"Emake?"

"Metu. Koen turu, pamit nang omah iku mau."

Diman manthuk-manthuk. Mari emake mulih, Diman nyandak telo goreng anget gaweane emake. Wis ngerti modele bojone, lek kadung nduwe karep ora dituruti yo budal dhewe. Jam siji kurang seprapat bojone mulih. Diman sing asline gemes ngempet cek ora komentar. Didelok bojone wis sumringah.

"Mak e..."

Ngerti emake wis mulih, Tomin sing mau dolanan karo kancane melu mulih. Arek lanang sing kekeselan iku ngantuk.

"Wis maem?"

Tomin manthuk. Wiji ngendong anake. Arek cilik iku manut ae digendong emake.

"Kecut. Adus ya?"

"Emoh."

"Isuh ae, reged iku sikile."

Ora nyauri Tomin manut ae digowo emake nang jeding. Wiji ngresiki anake. Klambine dicopoti, disalini. Ora let suwi arek lanang iku merem, turu.

"Sik lara atine?"

Diman nyedeki bojone sing lagi ngeloni anake nang kamar. Ora nyauri, Wiji epok-epok merem.

"Wis oleh urung wedake?"

"Gak."

"Gak nemu?"

"Gak tuku."

"Lha iku mau metu, golek opo?"

"Golek pacar."

Masio merem, Wiji sik gelem nyauri bojone.

"Mosok onok sing gelem he...he...he..."

Diman mesam-mesem cengengesan. Dipikir bojone mau wis metu tuku wedak, tibake ora sido budal.

"Saiki ta? Mumpung Tomin turu."

"Gah, ngantuk."

"Wou, sik nesu. Mbok ojo nesuan, diguyoni ngunu ae nesu."

Males nyauri bojone, Wiji nerusno lek merem.

"Yo wis lek gak gelem, malah utuh duitku. Padahal iki mau lek dingge tuku kutang loro yo iso."

Wiji sing mau merem langsung melek. Wong wedok iku nyawang bojone sing lungguh nang pinggir kasur.

"Sido gak?"

Wiji sik meneng.

"Ndang salin, tak omongno Emak cek ditunggoni Tomin."

Akhire lanang wedok iku budal nang Pengampon. Ora melu mlebu, Diman milih lungguh nang parkiran. Ngenteni bojone nang njobo. Setengah jam Wiji umek nang njero teko make up. Dudu mergo bingung milih ning ngantri.

"Uwis?"

Wiji manthuk.

"Sik ya, enteni kene, diluk."

"Sampeyan kate nang ndi?"

"Kae, tak ngeterno mbak e kae," omonge Diman karo nyawang arek wedok sing lagi lungguh nang ngarep toko.

Wiji mrengut, wong wedok iku mangkel digodani maneh.

"Ijol mbak kae ae yo, ketoke gak nesuan. Ayu sisan."

"Ho oh, ijol mbak e kae ae. Aku tak mulih dhewe, ngojek," saure Wiji karo nyandak helm.

"Hahaha gak gak, arek lucu ngene mosok tak ijolno, eman-eman," omonge Diman karo mbenakno montore.

Tukang parkir sing krungu omongane Wiji karo Diman melu ngguyu.

"Kae akeh ragate, Mas, ngentek-ngenteki," omonge tukang parkir nang Diman.

"Iki yo ngentek-ngenteki, Mas, ngentek-ngenteki sego."

Diman karo tukang parkir ngguyu bareng, mung Wiji sing mecucu karo helman.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun