"Ayo nontok iwak ae."
Ora sido mulih, wong loro iku nerusno lek malem minggon ndelok iwak. Malem minggu akeh pasar malem dadakan, biasane mesti ono sing dodolan iwak-iwak.
"Opo iki?"
"Buka ae."
Malem minggu keloro mari dadi pacar, Diman moro karo nggowo kresek ireng. Wiji nampani karo mesem, isin. Ora kakean omong, wong wedok iku mbuka kresek trus didelok isine. Mari ngerti njerone, Wiji selot ombo lek mesem.
"Suwun."
Diman manthuk. Ngerti lek pacare seneng iwak, sakdurunge ngapel Diman tuku iwak cilik nang nggon sing diparani wingi.
"Cek iso ditontok mben dino."
Ganti Wiji sing manthuk. Wong loro iku mesem, seneng. Ora ben malem minggu, saiki Diman lek dolan sak wayah-wayah. Lek ora kesel kerjo, wong lanang iku mesti moro. Kadang mung mangan bareng, kadang muter-muter montoran, opo ae sak pingine. Ora koyo biyen, wong loro iku yo wis ora isin-isin. Wis kerep ketemu, wis selot kenal, wis mulai ngerti polah tingkahe. Lek biyen ngomong sik ati-ati, saiki wis iso opo onoke. Guyon, gelutan yo wis biasa.
"Lapo?"
"Gak popo."