"Iku, adik kelasmu. Bojone Marno."
Diman ketok mikir. Ora lali karo jenenge Sri, wong biyen tau ngesiri. Wong lanang iku mung mikir kudu njawab opo timbang ngko salah maneh. Kesuwen ngenteni bojone, Wiji nerusno ngomong maneh.
"Halah, iku lho sing bojone mati pas mancing."
"Mati pas mancing?"
Ora mlayu nang Sri, Diman malah nakokno bojone. Lek lanang kan aman, pikire.
"Iyo. Marno kae lak mati mergo pas mancing dipikire nyantol nang iwak tibake boyo kae lho, Pak. Mosok lali sih, wong sik kaet ae. Rame lho kae beritane."
"Aku ki akeh kerjoan, gak sempat ngunu iku."
"Akeh kerjoan opo pikun."
Diman mbatin maneh. Ruwet iki, pikire. Ngalor ngidul ora ndang ngomong karepe, nyebut wong wedok liyo, rondo sisan. Salah omong, ajur.
"Sakno Sri kae, Pak."
"Iyo. Lha yok opo maneh, wes garise nasib ngunu iku."