"Lha pingine opo?"
"Gak pingin opo-opo."
Diman ambekan dowo. Dieling-eling sak durunge bojone koyok ngene dheweke ora rumongso gawe salah. Duit masio ora nambah yo ora kurang lek ngewei. Podo koyok biasane. Jatah bengi? Diman mesem. Opo mergo kurang jatah iku? Diman takon nang awake dewe. Ning wong lanang iku gedheg dewe. Lek bab iku bojone ora tahu angel, dheweke meneng ae lek pingin yo njaluk dewe. Lha trus opo?
"Usrek ae gatelen ta?"
"Gak."
"Kademen?"
"Adem opo, panas ngene kok."
"Lha kok gak ndang merem ki lapo? Iku anakmu wes merem, lek awakmu usrek ae ngko tangi areke. Iki yo melu tangi sisan hehehe..."
Krungu omongane bojone, Wiji langsung mecucu. Wong wedok iku mbenakno bantale. Sepuluh menit, limolas menit, pancet ae ora iso merem. Diman sing mau wes meneng, wes sempat ngipi sak lapan. Ning mergo bojone sing awake rodok gedi iku obah, dheweke malih nglilir.
"Obah maneh tak jupukno tambang lho. Lapo awakmu iku? Dikeloni gak gelem, usrek ae. Goyang kabeh iki kasure."
"Gak iso turu," saure Wiji.