Wiji meneng. Isuk mau wong wedok iku nyambel trasi dikei jeruk purut. Biasane ora ngganti sore mesti wes entek sego sak sambele. Dino iki sampek bengi sik separo luwih. Diman dudu ora seneng, seneng malah. Ning wong lanag iku ora patio seneng pedes. Sambel mung dingge colekan ae, abang-abang lambe.
"Onok opo?"
Bengi wayahe turu Diman sing wes gatel ndelok polahe bojone sing aneh akhire takon. Ora mung mecucu lan ora mangan sego, bengi Wiji yo ora ndang turu, klesikan.
"Gak popo."
"Lek onok opo-opo ki ngomong. Lek mbok batin aku yo gak ngerti."
"Lha ancen gak onok opo-opo kok."
Telung dino, Wiji sik ora bedo koyok wingi. Diman sing ora seneng bojone aneh, masio asline rodo ndredeg, diwanek-wanekno takon maneh.
"Pingin daster?"
"Gak."
"Kutang anyar?"
"Gak."