Lek ndelok bojone mecucu utowo ngomel Diman wes biasa. Ning ndelok bojone mecucu meh sedinoan lan ora ketok ndemok sego, iku kaet aneh. Dudu poso, Diman mau isuk sempat ndelok Wiji nyruput banyu putih sak gelas. Awan mau bojone iku yo ketok lungguh nang mejo makan. Ketoke yo mamah, masio Diman ora ndelok ono segone.
"Pak, anake dulangen."
"He?"
"Anake dulangen. Iku wes tak dusi areke."
Ora kakean omong mergo ndelok bojone sing rupane ora apik kaet isuk, Diman langsung nyandak piring karo marani anake sing lagek dolanan nang ngarep omah karo kancane.
Lek mung sedino, polahe Wiji sing koyok ngunu, Diman maklum. Paling-paling kesambet tuyul nang njero dompet . Ning wes rong dino Wiji koyok ngunu. Rupane elek, polahe mecucu terus. Lek biasane mecucune nggarai gemes mergo lucu, iki mecucune bedo. Mecucune lemes, koyok wong lara.
"Wes maem?" takone Diman nang bojone.
"Wes."
"Iku mau enak sambel trasine. Tumben dikei jeruk barang."
"Ho oh, cek seger."
"Tapi kok sik akeh?"