"Ndek jaman berjuang...njur kelingan anak lanang...biyen tak openi, ning saiki ono ngendi..."
Isuk-isuk Diman nyanyi nirukno lagu nang radio. Wong lanang iku lagek nyerbeti sepeda montore.
"Pak'e aku nduwe."
Tomin, anake lanang, nyedeki bapake karo nduduhno tangan tengene.
"Wouh, iku anake tikus, cindil."
"Guduk. Iti Edi, sing iti Doni."
"Iku lak jenenge koncomu."
Tomin cilik tibake mari nemu anake tikus. Cindil sing ono loro iku diteleh nang tangane, diduduhno bapake.
"Oleh ko ndi iku mau? Dibalekno, seneni Mak'e ngko."
"Ko tono mau. Lucu ya, Pak?"
Diman nyawang tikus cilik sing ketok abang iku. Anake mesam-mesem ndeloki cindil sing mung klugat-kluget nang tangane.
"Reged lho iku. Kono dibalekno. Sakno ngko emake nggoleki."
"Onok emake iti, Pak?"
"Yo onok. Kabeh anak ki nduwe emak, onok sing nglairno. Ngko lek emake nggoleki trus sedih, nangis, yok opo? Gak sakno ta?"
Tomin sing nyawangi cindil loro nang tangane. Lambene rodo mecucu, mesakno tapi yo gemes, seneng.
"Digawekno kandang yo, Pak."
"Lah, kandani sakno kok. Iku emake mesti nggoleki, nangis mesti saiki anake ilang loro."
"Tikus iso nangis, Pak?"
"Yo iso."
"Yok opo lek tikus nangis, Pak?"
Diman meneng. Wong lanang iku rodo bingung lek kate nyauri anake.
"Sampeyan lek nangis yok opo?"
Ganti Tomin sing bingung. Arek lanang iku lambene maju-maju, irunge nyungir, matane kedip-kedip. Arek cilik iku epok-epok nangis.
"Nah, yo ngunu iku. Sakno tho?"
"Yuk dibalekno."
"Ojo, Pak. Iti koncoku."
"Rene, tak omongi."
Diman nyedeki anake. Arek lanang iku dipangku. Tangan tengene sik nyekel tikus loro.
"Anak tikus jenenge opo?"
"Edi kalo Doni."
"Guduk, iku lak jenenge. Maksude anak tikus iku diceluk opo?"
"Opo?" Tomin ganti takok.
"Cindil."
"Cindil," Tomin nirukno bapake.
"Anake sapi?"
"Anake sapi?" ora nyauri, Tomin malah nakok.
"Anake sapi jenenge pedhet."
"Pedhet. Pak, digawekno kandang."
Tomin ngrengik maneh. Arek cilik iku pingin ngopeni cindil loro temonane.
"Lek anake asu?" Diman terus nylimurno anake.
"Guguk," saure Tomin karo gela-gelo, ngliling cindil nang tangane.
Diman gedheg-gedheg.
"Anake asu jenenge kirik. Opo jenenge?"
"Kilik."
"Anake uwong?"
"Atu, Tomin."
"Ho oh, sampeyan anake uwong, diceluk arek."
Gemes karo anake, Diman ngambungi arek cilik iku.
"Anake wedhus?"
Tomin ganti nirukno bapake takok. Durung disauri, Tomin wis nyaut maneh.
"Pak'e."
"Lah. Kok Pak'e?"
"Pak'e anake wedhus."
"Pak'e anake embah."
Kesel takok, Tomin ngrengik maneh. Arek cilik iku sik ae pingin ngingu cindil iku.
"Iku ngko ngelak lho, mati lek gak mimik emake."
"Mik cucuku."
"Yo gak iso mimik cucu gelas, wong lambene cilik ngunu."
"Kon ngemiki Mak'e."
"Wouu, malah dipithes ngko karo makmu. Dibalekno yuk, sakno iku lho wis ngelak. Kangen emake sisan iku."
Tomin sik durung gelem mbalekno cindil sing ditemokno iku. Arek cilik iku ngroso eman. Diman sik ngerih-ngerih anake.
"Pak, Tomin karo sampeyan?"
Soko njero omah krungu suwarane Wiji nggoleki anake.
"Ho oh."
Ora let suwi Wiji metu nang teras.
"Ayo, adus. Gek maem."
"Emoh."
Wiji sing nyedeki anak bojone kaget ndelok ono cindil loro nang tangane anake. Wong wedok iku langsung girap-girap, gilo.
"Iku kok iso oleh cindil ko ndi, Pak? Njijiki! Buwak, Min!"
Bojone mbengok-mbengok gilo, anake mbengok-mbengok ora oleh dijupuk cindile, Diman bingung dhewe.
"Jupuken, Pak, dibuwak kono lho. Hiii..."
"Ayo, Min, dibalekno, selak mati iku ngko mbok cekel koyok ngunu, sakno."
"Emoh aku ngko ngedusi sampeyan."
Gilo dhewe, Wiji akhire milih ngalih. Bojone diupret-upret kon ngguwak cindil sing dicekel anake. Diman sik ngerih-ngerih anake.
"Tumbas iwak ae ngko. Iku cindile dibalekno nang emake."
Dirayu-rayu akhire Tomin gelem ngewehno cindil loro iku nang bapake.
"Mak'e nakal ya, Pak?"
"Ho oh."
"Mocok dibuwak ya, Pak. Dikekno emake tikus ya, Pak?"
"Ho oh, dibalekno."
"Mak'e anake sopo, Pak?"
"Anake embah."
"Nggak. Mak'e anake monyet ae. Mak'e nakal."
"Yo ngunu yo iso."
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H