"Didulang brambang?"
Wiji nyawang bojone. Diman sing ora ngerti dingge opo akhire budal nang pawon. Wiji nggowo anake nang jeding. Arek lanang iku dilapi atek anduk, atek banyu anget. Tomin cilik sik ndrenginging.
"Iki."
Wiji nampani brambang soko bojone. Anake sing durung klamben iku diurepno. Brambang irisan dibalur nang boyoke.
"Dikei bumbu kacang sisan iku ngko?" takoni Diman.
"Padakno sate ae."
"Mik, Mak."
"Pak, gawekno susu," omonge Wiji nang bojone.
Durung Diman ngalih, Tomin gedheg-gedheg.
"Mik Mak'e."
"Opo sing dimimik. Gak onok wisan."
"Mimik Mak'e."
"Yo wis kunu, ngge cakot-cakotan ae," omonge Diman.
Wiji mecucu. Wong wedok iku akhire gletakan, ngeloni anake.
***