“Wis mangan ta? Semaput lho ngko. Ketok kuru ngunu awakmu.”
Durung Wiji nyauri bojone. Arif koncone kerjo Diman teko. Wong lanang iku mari tuku rokok.
“Tumben, Mbak. Kangen Mas Diman ta? Hehehe...”
Wiji mung mesem. Anake sing ngenakno karo bapake, ora gelem dijak mulih.
“Lha iyo, ditinggal rong jam ae wis kangen. Sik yahmene,” Diman melu nggudani.
Wiji ngadeg. Isin dingge guyonan wong wedok iku kate mulih.
“Kok kesusu, Mbak. Wis nang kene ae, aku yo seneng kok ditunggoni sampeyan. Lumayan onok pemandangan.”
Krungu omongane Arif, Wiji kaget. Wong wedok iku malih eling Trimo. Diman sing yo krungu meneng ae, dheweke sik ae ngambungi anake. Ngerti lek omongane rodok ora enak dirungokno, Arif langsung ngomong maneh.
“Loh lha iyo tho, ben dino aku mung nyawangi Mas Diman ae lak sepet pemandangane hehehe. Lagian mbujuk lek nyawang sampeyan gak enak, wong segere ngunu hehehe...”
Ora pingin diterusno, Wiji nyandak anake sing dipangku bapake. Wong wedok iku trus pamit mulih. Diman mbalik kerjo maneh. Arif sing ngroso ora penak atine langsung nyaluk sepuro.
“Sepurane lho, Mas. Guyon thok.”