“Kate turu ta iku?”
“Iyo.”
Tarno nginguk bayi lanang nang gendongan emake Lastri sing ketok kriyip-kriyip matane.
“Selot lemu.”
“Teh gelem ta? Gak onok sing ngopi.”
“Gak usah repot-repot, Mak. Wis ngopi kok mau.”
Tarno lungguh. Emake Lastri pamit mlebu kamar. Nang kamar, Lastri kaet mari salin. Anake sing nang gendongane emake dijupuk, ganti digendong. Ngerti lek emake teko, bayi lanang iku kroncalan, njaluk mik.
Kate pitu, Tarno pamit mulih. Masio ora akeh omong, ning Tarno seneng Lastri wis gelem nompo dheweke. Sampek tekan omah, wong lanang iku sik mesem dhewe, eling-eling sesorean nang omahe Lastri.
***