Lukisan"Wanita" Karya Hendra Gunawan
“Ambung.”
“Gah.”
“Kok gah sih, gelem.”
“Gah kok.”
“Gelem no, wong pacaran ki ambung-ambungan.”
“Ngko meteng.”
Joko nyengir. Arek lanang iku mari ngeterno Andro sekolah langsung ngilang. Koyo sing diomongno Mbah Idah, arek lanang iku saiki sregep ngapeli Nanik, pembantu anyar sing omah majikane sebelahan gang karo omahe bulike.
“Aku kate nang mburi sik.”
“Lapo? Kene ae.”
“Wayahe adus iki, ngko lek telat seneni aku.”
“Lha iku wes ayu mosok gurung adus?”
“Guduk aku. Ngadusi maksude.”
“Ngadusi sopo?”
Joko sing cemburu langsung duwur nadane.
“Ngadusi asu iku lho, kae Moli karo Fernando.”
“Ouh.”
Joko sing mau wis kate nesu saiki cengengesan.
“I love you,” omonge Joko karo ngalih.
Nanik ora nyauri, arek wedok iku mung mesam-mesem karo ngremeti klambine.
***
“Koen gak pingin kerjo nang luar negri, Las?”
“Anakku yok opo.”
“Kan onok emak. Golek modal sing akeh, trus gawe usaha.”
“Jare kate ngewangi mbukak warung?”
Dian mesem. Arek wedok iku saiki meh ben dino mesti dolan nang kamar sing disewo Lastri karo emake.
“Entek duwitku.”
Saiki ganti Lastri sing mesem. Dian sing rupane ayu ora angel golek pelanggan, ning sakjoke cedek karo arek lanang sing saiki malih jarang nompo pelanggan.
“Yo awakmu iku sing kudune nabung. Kate sampek kapan koyok ngene. Aku yo pingin nabung tapi saiki sing penting cukup ae, gak mikir aneh-aneh.”
Dian ngguyu. Rambute sing dowo disisir atek drijine sing cilik dowo.
“Mbuh, ketoke sing iki aku sayang temenan. Aku wis suwi gak ngroso koyok ngene iki.”
“Yo apik. Sopo ngerti jodo.”
“Hahaha jodo, gak mikir semono. Cuma pingin tak nikmati ae, pingin seneng-seneng ae. Tiwas aku mikir dowo ngko gelo.”
Lastri mesem tipis.
***
“Mah, luwe.”
“Hayo mangan kono.”
“Lha segone ndi? Kosong ngene mejone.”
“Yo wes dientekno anakmu brarti.”
Eko sing kaet teko soko kantor akhire lungguh. Wong lanang iku wis lemes, luwe. Marni sing mau mung nyauri soko kamar metu.
“Luwe,” omonge Eko melas.
“Biasane yo nang warung ae. Lek ditinggali gak tau dipangan.”
“Aku pingin mangan masakanmu.”
“Mesti anyar maneh iki.”
“Apane?”
“Sampeyan lek koyok ngene iki mesti ngko mburi-mburine gak enak. Lapo maneh saiki? Onok sing meteng?”
Eko sing mau lemes langsung jejeg. Marni sing wis pindah nang pawon ora ketok rupane. Ora let suwi wong wedok iku metu karo nggowo kopi.
“Gak. Koen kok ngunu sih,” saure Eko karo nyandak kopine.
Mari nyruput kopine, Eko nyawang bojone.
“Luwe,” omonge maneh.
Marni nyebek.
“Pingin opo?”
“Lodeh.”
“Sate ae.”
“Pingin lodeh kok sate.”
“Sing liwat, iku onok bakule.”
“Ngunu yo nawani.”
“Lha pingin mangan gak?”
“Ho oh,” omonge Eko ngalah.
*****
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H