Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Lastri (Bagian) 19

7 Desember 2015   08:25 Diperbarui: 7 Desember 2015   08:52 200
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

“Lapo iku lambene mecucu koyok ngunu? Gek ndang maem kono.”

Andro sing kaet mlebu omah, mbanting tas sekolahe nang duwur sofa. Arek lanang lemu iku ketok mangkel. Joko nututi Andro soko mburi. Seje karo adik ponakane sing mecucu, Joko malah ketok seneng.

“Mampir ndi iku mau kok kaet teko?”

“Dolen diluk,” saure Joko karo bablas mlebu kamar.

Ora nerusno lek nginterogasi ponakane, Marni lungguh nyanding anake. Kringet Andro sing ndrodos sak rai dilapi atek tangane.

“Mau disuapi mamah?”

Ora nyauri, ora obah, Andro malah glesotan nang sofa.

“Mamah masak soto, enak.”

Ora ngenteni anake nyauri, Marni mlaku nang mejo makan. Dijupukno sego karo soto sak mangkok bek dingge anake lanang. Masio lagi ora penak atine, Andro gelem mangap pas didulang mamahe.

“Arek pinter,” omonge Marni karo mesem.

***

“Saiki manggon ndok ndi, Las?”

Suwi ora ketemu, kapanane Tarno sing uwis ora kuat ngempet kangen akhire moro nang omahe Lastri, jebul Lastri karo anake wis pindah. Awan pas istirahat, Tarno sing penasaran njajal nggoleki nang panggone Lastri kerjo, ketemu.

“Kono,” saure Lastri.

“Kono ngendi?”

“Yo kono.”

Tarno ambekan rodo dowo. Wong lanang iku ora ndedes maneh. Wis ketemu Lastri, atine wis rodo enak.

“Kate ngendangi emak, suwi gak ketemu.”

“Aku lagi kerjo.”

Tarno meneng maneh. Lastri sing lek kerjo ngadeg nang ngarepe counter sing lagi dijogo ora gelem nyawang. Wong wedok iku sungkan karo koncone kerjo sing ngadeg ora adoh soko dheweke.

“Mulih kerjo tak parani, tak terno mulih. Enteni.”

Mari ngomong, Tarno ngalih. Lastri sik meneng. Koncone sing ngadeg nang sebrange mesem.

[caption caption="llustrasi dari http://mixppl87.blogspot.com/"][/caption]

***

 

Bengi, ora koyok biasane, Joko woro-wiri nang njero kamare. Arek lanang iku ketok lagi mikir. Diluk-diluk bathuke dikeplak dhewe. Nang njobo, Marni lagi nunggoni anake sing sinau karo ndelok tipi. Eko ngenakno lek rokokan karo nyruput kopi ireng senengane.

Wis ora kuat, akhire Joko metu. Arek lanang iku saiki ganti wora-wiri nang ngarepe bulik karo paklike.

“Lha koen iku lapo?” takone Marni sing ngrisenen ndelok polahe Joko.

“Nutupi, mosok aku mbok kon nyawang bokongmu.”

Joko minggir. Arek lanang iku pindah nyedek paklike.

“Lapo? Pingin rokokan ta?”

“Ojo. Kok malah mbok uruki. Gak usah rokokan. Awak sak biting koyok ngunu kate dadi opo.”

Marni sing krungu omongane bojone langsung mbengok.

“Lungguh, lapo ngadeg ndok kunu.”

Joko lungguh nang ngarepe Eko ning ora ngomong opo-opo.

“Lapo? Pingin dolen ta?”

“Sampeyan sayang aku, Lik?”

Eko mesem. Ora suwi wong lanang iku manthuk.

“Temenan?”

“Lha iyo. Lapo sih takok koyok ngunu barang?”

Joko ketok bingung. Matane nyawang Marni sing mung ketok gegere.

“Gak usah wedi karo bulikmu, sayang pisan yoan karo koen.”

“Aku pingin henpon.”

Eko mesem. Marni ora obah, ora nyuworo masio melu krungu.

“Dingge opo?”

“SMS-an.”

Eko nyruput kopine.

“Sembarang? Opo ae henpone gelem?”

Joko manthuk.

“Yo mene tak golekno. Opo kate tuku karo bulikmu? Milih dhewe.”

Joko nyawang bulike maneh.

“Karo bulikmu ae yo, mene tak kei duwite.”

Joko manthuk maneh.

“Suwun, Lik.”

“Yo.”

*****

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun