“Saiki manggon ndok ndi, Las?”
Suwi ora ketemu, kapanane Tarno sing uwis ora kuat ngempet kangen akhire moro nang omahe Lastri, jebul Lastri karo anake wis pindah. Awan pas istirahat, Tarno sing penasaran njajal nggoleki nang panggone Lastri kerjo, ketemu.
“Kono,” saure Lastri.
“Kono ngendi?”
“Yo kono.”
Tarno ambekan rodo dowo. Wong lanang iku ora ndedes maneh. Wis ketemu Lastri, atine wis rodo enak.
“Kate ngendangi emak, suwi gak ketemu.”
“Aku lagi kerjo.”
Tarno meneng maneh. Lastri sing lek kerjo ngadeg nang ngarepe counter sing lagi dijogo ora gelem nyawang. Wong wedok iku sungkan karo koncone kerjo sing ngadeg ora adoh soko dheweke.
“Mulih kerjo tak parani, tak terno mulih. Enteni.”
Mari ngomong, Tarno ngalih. Lastri sik meneng. Koncone sing ngadeg nang sebrange mesem.