Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Lastri (Bagian) 15

4 November 2015   12:36 Diperbarui: 4 November 2015   13:08 219
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="http://glorygallery.co.id/web/public_html/index.php?section=gallery&type=subtheme&id=11&sid=33&page=1"][/caption]

“Botol kecap, ngomong opo koen wingi heh?”

Firman cengengesan. Arek lanang bakul pentol iku ora nyauri.

“Macem-macem tak gibeng koen.”

“Gak...gak, Lik, guyon thok hehehe...”

“Guyon ki yo nontok-nontok. Didelok sing dijak guyon, lek sampek onok opo-opo, opo koen gelem tanggung jawab?”

Isuk iki Marni sing ngeterno anake nang sekolahan, sisan marani Firman.

“Ampun, Lik, mene-mene gak maneh. Gelem pentol ta? Enak lho.”

“Males. Pentol cilik-cilik ngunu, paling isine kanji thok.”

“Wou, cilik ngene onok daginge yo.”

“Daging celeng.”

 Firman mesem. Ora suwi-suwi, Marni mulih. Urusane wis mari, ngandani Firman karo ngeterno anake. Wong wedok iku ora pingin wong-wong sembarangan karo ponakane, Joko, sing ancen rodo suloyo uteke.

“Mu...lemu. Wong wedok kok galake ngalahi herder.”

Omonge Joko mari Marni wis adoh.

***

 “Gak mlebu ta, Las?”

“Ho oh. Libur.”

“Enak ta kerjone?”

“Pegel, sikil rasane kemeng. Lek liyane yo ngunu-ngunu iku, paling kudu sabar ae lek digudani.”

“Aku biyen yo sempat dadi SPG. Bayarane gak sepiroo, masio enake iso dandan terus. Tapi kadang yo gak cucuk, entek dingge tuku wedak gajine.”

Lastri mesem. Isuk iki Dian dolan maneh nang kamare.

“Sithik-sithik penting iso dingge mangan karo bayar kos. Golek kerjoan yo angel saiki, opo maneh sekolahe gak duwur.”

“Yo gak angel sih sakjane, angel iku lek kakean milih.”

Dian mesem, Lastri melu mesem.

“Iyo, asal gelem kerjo opo ae yo gampang.”

“Aku wingi njajal masakanmu lho, pinter masak yo koen. Lapo gak mbuka warung ae.”

“Emak kae sing pinter masak, aku mung melu-melu.”

“Ndok kene gurung onok warung lho, Las, warung sing enak maksudku. Sego Padang onok sih, tapi kan mayan larang iku. Bakul pecel pojok kae yo gak patio enak. Jajal dodolo, mesti laris.”

Gak nduwe modal.”

“Halah, modal gampang. Koen kei mejo siji ae nang ngarep kamar, cukup wis. Gak usah pegel-pegel, gak perlu ninggal anakmu.”

“Iyo sih. Opo maneh emak wingi yo gak enak awake. Momong arek yo pegel.”

“Kesel, wong anakmu awake montok ngene. Njicil ae tuku perkakas sithik-sithik. Lek mung sewu rong ewu aku yo onok duit, mbok selang yo gak popo.”

Lastri meneng. Bener opo sing diomongno Dian. Dheweke wis suwi pingin kerjo sing ora usah ninggalno anake, opo maneh emake selot tuwek, sakno lek ditinggal terus karo anake.

***

“Mas, numpak jaran.”

“Jarane sopo?”

“Mas jarane.”

“Emoh, Mita kae ae, lemu.”

Mita sing lagek ndelok tipi langsung menteleng krungu omongane Joko.

“Mbak, jaran.”

“Malese.”

“Jaran!”

Joko meneng, Mita yo meneng. Arek loro iku ora ono sing gelem dadi jaran-jarane Andro.

“Awakmu lemu ngunu, aku yo gak kuat,” omonge Mita, arek SMP iku.”

“Sampeyan yo lemu.”

Mita nyebek.

“Bah,” saure.

“Numpak jaran,” Andro sik ae ngrengik.

“Mas kate ngosek jeding, dikongkon mamahmu,” omonge Joko karo ngalih.

Andro nyawang Mita, mbake.

“Lapo? Emoh yo emoh.”

“Numpak jaran.”

“Gajah kok numpak jaran, yo gak kuat jarane.”

“Sampeyan yo gajah.”

“Bahno.”

“Sampeyan elek.”

“Bah.”

“Sampeyan lemu, elek, koyok gajah.”

“Bah, bah, bah!”

“Sampeyan koyok telek!”

Mangkel diilok-ilokno adike, Mita langsung ngadeg, marani adike trus nyokot lengene. Andro sing kelaran langsung nangis banter.

“Mbak, ancuk!”

Karo nangis, Andro misuhi embakez 

*****     

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun