“Gak tuku tiket PP?”
“Gak, jadwale gurung jelas.”
“Aku tak nang ibuk ae yo.”
“Ho oh.”
Tarno sing oleh tugas luar kota soko kantore lagek siap-siap. Wong lanang iku masio ora patio yakin ning mikir opo sing diomongno Eko wingi nang kantor. Wis suwi dheweke ora dolan nang omahe Lastri. Saiki dheweke bakal adoh soko anak bojone sisan. Karepe ngko mulih pikirane iso tenang.
“Nang kono onok opo, Mas?”
“Embuh, gurung tau rono. Lapo?”
“Gawakno oleh-oleh ya.”
“Lek sempat.”
Rini mesem. Rini sing kapanane njaluk ijin kate kerjo maneh saiki wis mlebu nang kantore kancane. Ben dino budal isuk mulih sore.
“Kerjoanmu yok opo?”