Tarno manthuk.
“Oleh-oleh yo?”
“Oleh-oleh opo? Sangu paling yo mepet lek ngewei.”
“Ganja hahaha...sak lembar rong lembar yo gak popo hahaha.”
“Yo iku golek masalah anyar jenenge.”
“Yo wis cewek ae hehehe...”
“Tak pek dhewe lek iku.”
“Yakin? Wis lali karo sing kono?”
“Wis gak tau tak parani saiki, njajal, masio sik impen-impenen.”
“Hahaha raimu, cuk, koyok abg ae. Njancuki hahaha...”
Eko ngguyu kemekel ndelok raine Tarno sing rumangsane koyok arek cilik melas ditinggal pacare. Tarno pingin misuh diilokno ning meneng ae. Nang njero atine pingin iso nglalekno Lastri ning roso kangene yo ora iso dibujuki.