[caption caption="Chinese Smoking Woman www.chilture.com"][/caption]
“Cewek...”
Joko cengengesan. Arek lanang sing wis joko iku ngedip-ngedipno matane sing sebelah. Lastri sing lagek nunggu bemo iku meneng ae.
“Ojo sombong-sombong ta, gak payu lho ngko. Tak terno ta? Kate nang ndi sih?”
Lastri sik ae meneng nang nggone lek ngadeg. Tukang becak sing lagek nyangkruk nang becake mesam-mesem ndelok polahe Joko.
“Suit...suit!”
“Heh, tutup botol kratingdeng, ojo kurang ajar koen yo.”
Joko sing mau cengengesan langsung meneng.
“Aku gak nyuiti sampeyan yo,” omonge mari ngunu.
“Wani nyuiti aku tak gibeng raimu. Wis adus ta koen iku?”
“Gurung,” saure Joko lirih.
“Adus kono, adike gek dipapak. Nangis iku ngko lek telat mapak.”